WEJANGAN JAWA DARI MBAH BUYUT / LELUHUR
Kaidah 1
Ora ånå wóng kang ingaranan uríp, kêjabanê kang
mikír sartå trêsnå marang wóng kang ringkíh lan nandhang påpå cintråkå.
Biså mèlu ngrasakakê kasusahanê sartå lårå
lapanê wóng liyå.
Kanthi pangråså kang mangkono mau atêgês biså
nggadhúh kêkuwatan kang tanpå watês, pêrlu kanggo mitulungi sapådhå-pådhå kang
kahananê luwíh nrênyúhakê katimbang dhiri pribadinê. “Pakarti mono darbèk kita
dhêwê, nanging wóhê pakarti mau dadi kagunganê Kang Gawê Urip”, mangkono
sabdanê sawijinê Pujånggå kalokå.
SABDA PUJANGGA
(Tiada orang disebut hidup, kecuali yang peduli
serta belas kasih kepada sesama yang tak berdaya dan menderita. Dapat merasakan
penderitaan serta kesengsaraan orang lain. Dengan dimilikinya rasa seperti itu,
berarti mampu memelihara kekuatan yang tiada batasnya, diperlukan untuk
menolong sesama yang keadaannya lebih mengenaskan ketimbang diri pribadinya.
Perbuatan adalah milik kita sendiri, namun buah dari perbuatan kita menjadi
milik Tuhan. Begitulah sabdanya salah satu Pujangga terkenal.)
Kaidah 2
Wóng kang baút mawas dhiri iku wóng kang biså
manjíng ajúr ajèr, ngêrti êmpan papan laras karo rèh swasånå sakupêngê tanpå
ninggalakê subåsitå.
Paribasanê wóng kang baút ngadisarirå, åjå múng
kalimpút êdiníng busånå baê, nangíng bisowå tansah mêrsudi marang padhangíng
sêmu lan manisíng wicårå tanpå nglírwakakê marang alús lan luwêsíng solah
båwå.
ESENSI MAWAS DIRI
(Orang yang pandai membawa diri itu orang yang
bisa menyatu, melebur, dan meleleh, memahami situasi dan kondisi, selaras
dengan suasana disekelilingnya tanpa meninggalkan sopan santun. Peribahasanya
orang yang pandai mempercantik diri, jangan hanya terfokus dengan keindahan
pakaian saja. Namun dapatlah selalu berusaha bermuka ramah dan tutur kata manis
tanpa meninggalkan perilaku yang lembut dan pantas)
Kaidah 3
Kêcandhakíng sawijiníng idham-idhaman iku ora
cukúp múng dibandang móncèr lan pêpakíng ilmu lan kawrúh baê.
Nangíng ånå syarat siji kang ora kênå
kalirwakakê, yaiku kapintêran ing bab sêsrawungan.
Såpå kang bisa tumindak ajúr-ajèr lan biså
nuwúhakê råså rêsèp marang liyan, prasasat wis êntúk pawitan kanggo nandangi
sakèhíng pagawêyan åpådênê nggayúh idham-idhamanê.
TIDAK HARUS HARTA
(Tercapainya suatu cita-cita tidak cukup hanya
bermodalkan kemewahan dan lengkapnya ilmu dan pengetahuan saja. Namun ada satu syarat yang tak boleh ditinggalkan
yakni kepandaian dalam bergaul. Siapa yang bisa beradaptasi dan dapat
menumbuhkan rasa tenteram kepada orang lain, sebenarnya sudah mendapat modal untuk
melaksanakan banyak pekerjaan dan menggapai cita-citanya)
Kaidah 4
Nindakakê kabêcikan mono ora mêsthi kudu cucúl
wragad, nanging biså ditindakakê sarånå pakarti-pakarti liyanê sing sêjatinê
akèh bangêt caranê.
Saugêr biså gawê sênênging liyan, upamanê baê
måwå ulat sumèh tangkêp srawúng kang sumanak, bisa manjíng ajúr-ajèr ing
madyaníng bêbrayan, lan biså dadi patuladhan laku utåmå.
Kabèh mau klêbu êwóníng tindak kabêcikan kang
ajinê nglêluwihi wragad dêdånå kang diwènèhakê utåwå dipotangakê, apamanèh
lamún anggónê mènèhi utåwå ngutangi iku sinamudånå kêbak pamríh.
LEBIH BERHARGA DARIPADA EMAS PERHIASAN
(Melakukan kebaikan tidak harus mengeluarkan
beaya, namun dapat dilakukan dengan perbuatan-perbuatan lain yang sebenarnya
banyak sekali caranya. Asal bisa membuat senang dan tenteram orang lain, umpama
saja dengan bermuka ramah serta bergaul dengan hangat, bisa beradaptasi di
tengah pergaulan, dan dapat menjadi percontohan
perilaku yang utama. Semua itu termasuk berbuat kebaikan yang nilainya
melebihi sedekah harta yang diberikan ataupun yang dipinjamkan, apalagi
disertai dengan pamrih)
Kaidah 5
Yèn kowê arêp rêmbugan, pikirên luwih dhisík
têtêmbungan síng arêp kók wêtókakê. Åpå wís ngênggoni têlúng prêkårå : bênêr,
manís, migunani.
Êwå sêmono síng bênêr iku isih pêrlu
dithinthingi manèh yèn gawê gêndranê liyan prayogå wurúngnå.
Dênê têmbúng manís mono ora duwê pamríh,
pamrihê biså gawê sênêngê liyan kang tundhónê migunani tumrapê jagadíng
bêbrayan.
BICARALAH YANG BENAR, MANIS, BERMANFAAT
(Bila kamu akan berembug, pikirkan terlebih
dulu kata-kata dan kalimat yang akan kamu ucapkan. Apakah sudah memperhatikan 3
kaidah penting; benar, manis, bermanfaat. Walau begitu, yang benar itu masih
perlu ditimbang lagi, jika mengakibatkan masalah untuk orang lain lebih baik
urungkan. Lain halnya dengan tutur kata manis, tidak punya pamrih, pamrihnya
hanya dapat membuat bahagia orang lain, akhirnya bermanfaat untuk kehidupan
bersama)
Kaidah 6
Sugíh ómóng kanggo nggayêngakê pasamuwan pancèn
apík.
Nangíng ngómóng múng golèk suwurê awakê dhêwê
sók kêtrucút miyak wêwadinê dhêwê.
Pirå baê cacahê wóng kang kêplèsèt uripê múng
margå sukå anggónê sugíh ómóng.
Mulå sabêcik-bêcikê wóng iku ora kåyå wóng kang
mênêng.
Nangíng mênêngê wóng kang darbê bóbót kang antêb
síng biså dadi panjujuganê pårå pawóngan kang mbutúhakê rêmbúg lan
pitudúh.
TIDAK SETIAP DIAM ITU EMAS
(Banyak bicara untuk menghidupkan suasana
pertemuan memang baik, namun bicara hanya untuk mencari perhatian dan simpati
pada diri sendiri, akan sering lepas kontrol dan membuka aib diri sendiri.
Sudah seberapapun orang terpeleset hidupnya hanya gara-gara gemar membual. Maka
sebaik-baiknya orang itu bukan seperti orang yang diam, namun diamnya orang
yang memiliki bobot yang dapat menjadi tempat yang tepat bagi orang yang
membutuhkan nasehat dan petunjuk)
Kaidah 7
Ing jagadíng sêsrawungan mono nyirík marang
sêsipatan kang gumêdhê lan wêwatakan kang tansah ngêgúngakê dhiri.
Sipat lan wêwatakan mau adhakanê banjúr
nuwúhakê råså ora lilå yèn nyipati ånå liyan síng luwíh katimbang dhèwèkê.
Mulå saibå bêcikê samångså såpå kang rumangsa
pintêr dhêwê, sugíh dhêwê, lan kuwåså dhêwê iku gêlêma nglaras dhiri lan
nglêrêmakê cíptanê kang wêning, yèn sêjatinê isíh ånå manèh kang Måhå Pintêr,
Måhå Sugih, lan Måhå Luhúr.
Klawan mangkono råså pangråså dumèh lan takabúr
kang dadi sandhungan pasrawungan biså sumingkír.
MERASA DIRI PALING ADALAH PINTU KEHANCURAN
(Dalam dunia pergaulan seyogyanya menghindari
sifat sombong dan watak yang selalu membesar-besarkan diri sendiri. Sifat dan
watak tersebut biasanya menimbulkan perasaan tidak rela jika menemukan orang
lain yang lebih dari dirinya. Maka alangkah baiknya bilamana siapapun yang
merasa paling pinter, paling kaya, dan paling berkuasa hendaklah mengendapkan
hati, mengheningkan cipta, bahwa sebenarnya masih ada lagi yang Maha Pandai,
Yang Maha Kaya, Yang Maha Tinggi. Dengan begitu sikap mentang-mentang dan takabur yang menjadi batu sandungan dalam
pergaulan akan menyingkir).
Kaidah 8
Luwih bêcík makarti tanpå sabåwå kang anjóg
marang karahayóníng bêbrayan, katimbang tumindakê wóng kang rêkanê nindakakê
panggawê luhúr nangíng disambi udúr.
Yêktinê tåtå têntrêm iku ora bakal biså kagayúh
yèn tå ora adhêdhasar kêrukunan, dênê kêrukunan iku múng biså kêcandhak yèn siji
lan sijinê pådhå biså aji-ingajènan lan móng-kinêmóng.
KASIH SAYANG ADALAH KUNCI KESUKSESAN
(Lebih baik bekerja tanpa perilaku yang dapat
merusak keharmonisan pergaulan, daripada tindakan orang yang maksudnya
melaksanakan perbuatan mulia tetapi sambil bertengkar. Sebenarnya ketentraman
itu tidak akan terwujud bila tanpa didasari kerukunan, sedangkan kerukunan itu
hanya bisa diciptakan jika satu sama lain saling hormat menghormati dan
asih-mengasihi).
Kaidah 9
Yèn atimu wis gilíg arêp gawé kabêcikan kanggo
karaharjaníng bêbrayan, bêratên råså uwas marang pandakwå ålå kang ora nyåtå.
Srananånå kanthi jêmbaríng dhådhå lan sabaríng nålå, amríh bisa nuwúhaké
gêdhéníng prabåwå lan cabaríng sakèhíng piålå.
MENGATASI TUDUHAN BURUK
(Bila hatimu sudah bertekat bulat akan berbuat
kebaikan untuk kesejahteraan dalam kehidupan bermasyarakat, jangan hiraukan
kekhawatiran akan tuduhan buruk yang tidak benar. Landasilah dirimu dengan dada
yang lapang, hati yang sabar, supaya dapat menumbuhkan besarnya wibawa dan sirnanya
semua keburukan)
Kaidah 10
Wicårå kang wêtuné kanthi tinåtå runtút kang
awujúd sêsulúh kang amót piwulang bêcík, ajiné pancèn ngungkuli mas picís
råjåbrånå, biså nggugah budi lan nguripaké pikír. Nangíng kawuningånå yèn
grêngsênging pikír lan uripíng jiwå iku ora biså yèn múng kagugah sarånå wicårå
baé.
Kang wigati yaiku wicårå kang måwå tandang
minångkå tulådhå.
Jêr tulådhå mono síng biså nuwúhaké kapitayan.
Luwíh-luwíh mungguhíng pårå manggalaníng pråjå
kang wís pinracåyå ngêmbani nuså lan bångså.
NASEHAT TERBAIK ADALAH PERBUATAN
(Tutur kata yang keluar secara tertata runtut
yang berupa nasehat tentang ajaran yang baik, nilainya memang melebihi emas
perhiasan, dapat menggugah budipekerti dan menghidupkan fikiran. Tapi
perhatikanlah, bahwa semangat berfikir dan hidupnya jiwa itu tidak dapat hanya
sekedar dibangun melalui tutur kata saja. Yang lebih penting yakni tutur kata
yang dibarengi perbuatan sebagai suri tauladan)
Kaidah 11
Luwíh bêcík ngasóraké rågå tinimbangané
ngóngasaké kapintêran kang sêjatiné isíh nguciwani bangêt.
Ngóngasaké kapintêran iku satêmêné múng kanggo
nutupi kabodhowané, jêr kabèh mau mêrga råså samar lan was sumêlang yèn ta
kungkulan déníng sapêpadhané.
Tindak mangkono mau malah dadi sawijiníng godhå
kang múng bakal ngrêrêndhêti lakuníng kêmajuwané dhéwé ing jagadíng bêbrayan.
CIRIKHAS ORANG LEMAH GEMAR UNJUK DIRI
(Lebih baik bersikap merendah daripada unjuk
kepandaian yang kenyataannya masih mengecewakan sekali. Unjuk kepandaian itu
sesungguhnya hanya untuk menutupi kebodohannya, semua itu karena perasaan
khawatir dan was-was pabila ada orang lain yang mengunggulinya. Tabiat seperti
itu menjadi salah satu godaan yang hanya akan menghambat kemajuannya sendiri dalam
pergaulan).
Kaidah 12
Såpå wóngé síng ora sênêng yèn éntúk
pangalêmbånå. Nangíng thukulíng pangalêmbånå iku ora gampang.
Kudu disranani kanthi pakarti kang bêcik lan
murakabi marang wóng akèh.
Yèn múng disranani båndhå, pangalêmbanané múng
kandhêg ing lambé baé ora tumús ing ati.
Déné yèn disranani pênggawé kang lêlamisan, ing
pamburiné malah bakal kasingkang-singkang kasingkíraké såkå jagadíng
pasrawungan.
MANAJEMEN PUJIAN
(Siapa yang tidak suka jika mendapat pujian.
Tetapi tumbuhnya pujian itu tidak mudah. Harus ditempuh melalui perbuatan yang
baik dan bermanfaat buat orang banyak. Jika hanya ditempuh dengan harta, pujian
hanya sampai di bibir saja tidak menyentuh di hati. Jika ditempuh dengan
perbuatan demi pamrih, di belakangnya hari akan tersingkir dan disingkirkan
dalam pergaulan).
Kaidah 13
Généyå akèh wóng kang dhêmên nyatur alaníng
liyan lan ngalêmbånå awaké dhéwé? Sêbabé ora liya margå wóng-wóng síng kåyå
ngono mau ora ngêrti yèn pênggawé mau klêbu pakarti kang ora prayogå, mula
prêlu dingêrtèkaké.
Awít yèn ora énggal-énggal nyingkiri pakarti
kang ora bêcík mau, wusanané dhèwèké kang bakal diêmóhi déníng pasrawungan.
TABIAT BURUK PALING POPULER
(Kenyataannya banyak orang yang suka mencela
orang lain dan memuji diri sendiri ? Sebabnya tidak lain karena orang-orang
seperti itu tidak peduli bila perbuatan itu termasuk watak yang tidak terpuji,
makanya perlu diperingatkan. Sebab bila tidak segera menghindari watak yang
tidak baik itu, berakibat dia sendiri akan dijauhi dalam pergaulan).
Kaidah 14
Nggayúh kaluhuran liré ngupåyå tataraníng uríp
kang luwih dhuwúr.
Dhuwúr laír lan batiné, ya tumrap dhiri
pribadiné ugå sumrambah kanggo karaharjaníng bêbrayan.
Nangíng yèn kandhêg salah siji, têgêsé gothang.
Yèn múng nêngênaké kaluhuraníng laír gênah múng
ngoyak drajat lan sêmat, isíh miyar-miyur gampang kênå pangaribåwå såkå njåbå.
Yèn ngêmúngaké kaluhuraníng batín, cêtha ora
nuhóni jêjêríng manungsa, awít ora tumandang ing gawé kanggo kêpêrluwaníng
bêbrayan.
Atêgês tanpå gunå diparingi uríp ing alam
donya.
PRINSIP KESEIMBANGAN LAHIR-BATIN
(Menggapai keluhuran artinya berupaya meraih
tataran hidup yang lebih tinggi. Luhur lahir dan batinnya, bermanfaat untuk
diri sendiri juga berguna untuk keharmonisan dalam pergaulan. Namun bila mandeg
salah satunya, artinya pincang. Bila hanya mengutamakan keluhuran lahir sama
halnya mengejar derajat dan pangkat, mudah goyah (plin-plan) mudah terpengaruh
oleh kemewahan dari luar. Bila menyepelekan keluhuran batin saja, jelas tidak
mematuhi hakekatnya sebagai manusia,
karena tidak mengindahkan kaidah pergaulan. Berarti tiada guna hidup di dunia).
Kaidah 15
Sing såpå rumangsa nduwèni kaluputan, åjå isín
ngowahi kaluputan sing wís kadhúng katindakaké mau.
Jêr ngakóni kaluputan mono wís cêthå dudu
tindak kang asór, nangíng malah nuduhaké marang pakarti kang utåmå kang ora
gampang linakónan déníng sadhêngah wóng.
Iyå wóng kang wis biså nduwèni watak gêlêm
ngakóni kaluputané mangkéné iki pantês sinêbút wóng kang jujúr sartå kasinungan
ing budi luhúr.
KEJUJURAN ADALAH ANUGRAH
(Barangsiapa merasa memiliki kesalahan, jangan
malu merubah kesalahan yang sudah kadung terjadi. Sedangkan mengakui kesalahan
sudah jelas bukan perbuatan hina, namun malah menunjukkan watak yang utama yang
tidak mudah dilakukan sementara orang. Orang yang sudah memiliki watak bersedia
mengakui kesalahannya adalah pantas disebut orang yang jujur serta mendapat
anugrah menjadi orang yang luhur budi pekertinya.
Kaidah 16
Manungså uríp iku dibiså nguwasani
kamardikaníng laír lan batín.
Kang dikarêpakê kamardikaníng laír iku wujudê
biså nyukupi kabutuhaning uríp ing sabên dinanê såkå wêtuning kringêt lan
wóhíng kangèlan dhêwê ora gumantúng ing wóng liyå lan ora dadi sangganíng
liyan.
Dênê kamardikaníng batín iku dicakakê sarånå
nyingkiri håwå napsu, adóh såkå asór lan nisthaníng pambudi, sêpi ing råså
mêlík lan drêngki srèi, sartå tuhu marang paugêran uríp bêbrayan.
SUBSTANSI KEMERDEKAAN
(Manusia itu hidup sebisanya menguasai
kemerdekaan lahir dan batin. Kemerdekaan lahir artinya dapat mencukupi
kebutuhan hidup sehari-hari hasil dari keringat sendiri, dan hasil dari jerih
payah sendiri tidak tergantung pada orang lain, serta tidak menjadi beban bagi
pihak lain. Sedangkan kemerdekaan batin adalah dengan cara menyingkirkan hawa
nafsu, jauh dari kehinaan dan kenistaan budi pekerti, tiada berpamrih dan iri
dengki, serta setia dan patuh kepada kaidah kerukunan hidup).
Kaidah 17
Yèn kêpéngín diajèni liyan, mulå åjå sók dhêmên
martak-martakaké, åpå manèh nganti mamèraké kabisan lan kaluwihanmu.
Pangaji-ajiníng liyan iku sêjatiné ora pêrlu
mbók buru, bakal têkå dhéwé. Nudúhaké kêwasisan pancèn kudu bisa milíh papan
lan êmpan.
Mulå kang prayoga kêpårå purihên åjå kóngsi
wóng liyå biså njajagi.
Nangíng mångså kalané ngadhêpi gawé parigawé
kêconggah mrantasi.
RAHASIAKAN KEBISAAN
(Apabila ingin dihormati sesama, jangan suka
berkoar-koar, apalagi sampai pamer
kebisaan dan kelebihanmu. Penilaian orang lain (padamu) sesungguhnya tidak
perlu kamu kejar, karena akan datang dengan sendirinya. Menunjukkan kepandaian
memang harus bisa melihat situasi dan kondisi. Maka seyogyanya rahasiakan
jangan sampai orang lain dapat menjajagi. Namun pada saatnya menghadapi
pekerjaan berhasil menuntaskan).
Kaidah 18
Åjå sók ngluputaké, gêdhéné ngundhat-undhat
wóng liyå, samångså kitå ora katêkan åpå kang dadi kêkarêpan kitå.
Bêciké kitå tliti lan kitå golèki sêbab-sêbab
ing badan kita dhéwé, amrih kitå biså uwal såkå dayaníng pangirå-irå kang ora
prayogå.
Kawruhana, yèn usadané watak apês síng njalari
nganti ora katêkan sêdyå kitå iku, ora ånå liya, yå dumunúng ånå ing awak kita
dhéwé.
KAMBING HITAM ITU TAK PERNAH ADA
(Jangan suka menyalahkan, bahkan
mengungkit-ungkit orang lain, pada saat tidak kesampaian apa yang menjadi
kehendak kita. lebih baik kita teliti dan carilah apa yang salah dengan diri
kita, supaya kita bisa lepas dari pengaruh prasangka buruk. Ketahuilah, bahwa
kelemahan dan kekurangan yang menyebabkan kegagalan harapan kita itu tidak lain
berada pada diri kita sendiri)
Kaidah 19
Arang wóng síng bisa mapanaké råså narima
marang åpå baé kang wís klakón digayúh. Yèn rumangsa kurang isíh golèk wuwúh,
yèn wís olèh banjúr golèk luwíh, yèn wís luwíh tumuli mbudidåyå åjå ånå wóng
síng biså madhani.
Wóng kang duwé råså mangkono mau satêmêné
mêmêlas.
Uripé tansah ngångså-ångså, ora naté sumèlèh
atiné.
Kanggo nuruti råså kang klèru kasêbút sók-sók
banjúr tumindak ora samêsthiné lan nalisír såkå pakarti kang bênêr.
PENDERITAAN SEPANJANG MASA
(Jarang ada orang yang merasa puas pada apa
yang sudah dapat berhasil dicapai. Bila merasa kurang masih akan menambah, jika
telah mendapatkan lantas mencari lebihnya, bila sudah berlebih lantas berupaya
agar jangan ada orang lain yang bisa menyamai. Orang yang bertabiat demikian
sesungguhnya sangat kasihan. Hidup selalu memaksakan diri, hatinya tidak pernah
tenteram. Untuk menuruti watak yang buruk itu kadangkala bertindak tidak
semestinya dan meleset dari watak yang benar)
Kaidah 20
Watak narimå mono yêkti dadi sihíng Pangéran,
nangíng yèntå nganti klèru ing panyuråså biså nuwúhaké klèruníng tumindak.
Narimå, liré ora ngångså-ångså nangíng ora
kurang wêwékå lan tansah mbudidåyå amríh katêkaning sêdyå, dudu atêgês kêbacút
lumúh ing gawé, suthík ihtiyar.
Awít yèn mangkono ora jênêng narimå, nagíng
kêsèt. Jêr watakíng wóng kêsèt iku múng gêlêm énaké êmóh rêkasané, gêlêm
ngêmplók suthík tómbók, satêmah dadi wóng ora wêrúh ing wirang, siningkiraké
såkå jagadíng bêbrayan.
SIKAP MENERIMA BUKANLAH MALAS
(Watak menerima tentu menjadi kekasih Tuhan,
namun apabila sampai keliru memahaminya bisa menimbulkan kesalahan dalam
bertindak. Menerima, artinya tidak melebihi batas kemampuan tetapi tidak kurang
akal dan selalu memberdayakan diri
supaya tercapailah cita-cita. Menerima bukan dimaksudkan sebagai tidak
mau kerja dan enggan berusaha. Karena yang seperti ini bukanlah arti menerima,
melainkan malas. Wataknya pemalas itu hanya mau enaknya saja, tidak mau jerih
payahnya, bersedia makan tidak mau modal, sepantasnya lah menjadi orang yang
tidak tahu malu, disingkirakn dalam pergaulan).
Kaidah 21
Wóng uríp ing alam bêbrayan iku yêkti angèl,
kudu biså ngêrèh pakóné “si aku”, åjå nggugu karêpé dhéwé lan nuruti håwå
napsu.
Luwíh-luwíh ing dinå samêngko, alam bêbrayan
donyå tansah kêbak pradhóndhi, silíh ungkíh, rêbutan bênêré dhéwé-dhéwé.
Mulå síng baku, wóng uríp kudu biså miyak
alíng-alíng kang nutupi pikiran kang wêníng. Liré, sênajanå sajroníng
pasulayan, kudu bisa nyandhêt kêmrungsung “si aku” istingarah sakèhíng bédané
panêmu biså disawijèkaké.
KE-AKU-AN MENJADI SUMBER KONFLIK
(Hidup dalam kerukunan masyarakat itu memang
sulit, harus bisa meredam ke-aku-an, jangan semaunya sendiri dan menuruti hawa
nafsu. Terlebih lagi di kelak kemudian hari, dunia pergaulan internasional
penuh persoalan, perselisihan silih berganti, berebut benarnya sendiri. Yang
paling penting dalam menjalani hidup harus bisa membuka penghalang yang menutup
kesadaran fikir. Maksudnya, walaupun dalam perselisihan, harus bisa menahan
gejolak ke-aku-an, berikhtiyar agar perbedaan pendapat bisa disatukan).
Kaidah 22
Wóng kang nduwèni watak tansah njalúk bênêré
dhéwé iku adaté banjúr kathukulan bêndånå sênêng nênacad lan ngluputaké marang
panêmu sartå tindak tanduké wóng liyå. Méndah bêciké yèn wóng síng kåyå
mangkono mau kålå-kålå gêlêm nggraitå ing njêro batiné : “mbók mênåwå aku síng
klèru, mulå cobå dak tlitiné klawan adíl såpå kang sêjatiné nyåtå-nyåtå bênêr”.
CIRIKHAS INGIN MENANGNYA SENDIRI
(Orang yang mempunyai watak selalu ingin
mencari menangnya sendiri itu, tumbuh kebiasaannya buruk senang mencela dan
menyalahkan pendapat serta tindak tanduk orang lain. Sangatlah bagus bilamana
orang seperti itu kadangkala bersedia mencermati dalam batinnya; jangan-jangan
aku yang keliru, maka coba aku teliti secara adil siapa yang sesungguhnya
jelas-jelas benar)
Kaidah 23
Rêsêpíng omah iku ora dumunúng ing
barang-barang méwah kang larang rêgané, nangíng gumantúng marang panataníng
prabót kang prasåjå, sartå pêmasangé rêrênggan kang adóh såkå watak pamèr.
Sêmono ugå rêsêpíng salirå iku ora margå såkå
pacakan kang èdi-pèni, nangíng gumantúng ing sandhang pênganggo kang prasåjå,
trapsilå solah båwå, lan padhanging polatan.
KUNCI DARI KEINDAHAN
(Keindahan rumah itu bukan terletak pada
barang-barang mewah yang mahal harganya, namun tergantung pada penataan perabot
yang tidak norak, serta pemasangan hiasan yang jauh terkesan pamer. Begitu pula
keindahan diri pribadi itu bukan karena berasal dari tata rias yang indah dan
cantik, tapi tergantung pada pakaian yang tidak berlebihan, perilaku yang sopan
berwibawa, dan raut wajah yang bersinar)
Kaidah 24
Yèn kowé kêpênêr lagi srêngên lan nêsu,
prayogané wóng síng kók nêsóni lan kók srêngêni mau kóngkónên énggal sumingkír.
Utåwå kowé dhéwé sumingkirå sauntårå, aja
têtêmónan karo wóng liya.
Sabanjuré mênêngå lan étúng-étúngå kanthi sarèh
wiwít siji têkan sêpulúh.
Klawan mêngkono atimu bakal bisa
nimbang-nimbang åpå nêsu lan srêngênmu marang wóng mau bênêr, åpå malah dudu
kowé dhéwé síng lupút.
KIAT MEREDAM AMARAH
(Bila kamu kebetulan sedang emosi dan marah,
seyogyanya orang yang kamu marahi tadi suruhlah segera menyingkir. Atau kamu
sendiri menyingkirlah sementara, (sementara) jangan bertemu dengan orang lain.
Setelah itu diamlah dan hitunglah dengan tenang mulai dari satu sampai sepuluh.
Dengan cara begitu hatimu bakal bisa menimbang apakah kemarahanmu pada orang
tadi benar, apa bukan kamu sendiri lah yang salah ?)
Kaidah 25
Jênêng tanpå gunå uripíng manungså kang nganti
ora biså nyumurupi marang kang kêdadéyan ing sakiwå têngêné.
Ora biså asúng lêlimbangan lan pamrayogå
sakadharé kanggo karahayóníng bêbrayan.
Rupak pandêlêngé ora ånå liyå kang disumurupi
kajåbå uripé dhéwé.
Mati pangrasané, jalaran ora kulina kanggo
ngrasak-ngrasakaké kang katón ing sabên dinané, wusana dadi cêthèk budiné,
jalaran såkå kalêpyan marang têpå palupi kang maédahi ing uripé.
TRAGEDI KEMATIAN PERASAAN
(Adalah hidup tiada guna bagi orang yang tidak
mengetahui apa yang terjadi di
sekitarnya. Tidak bisa memberikan imbal balik dan manfaat ala kadarnya untuk
keharmonisan pergaulan. Mati perasaannya, disebabkan tidak terbiasa merasakan
apa yang terjadi dalam sehari-harinya, sehingga membuat dangkal budi
pekertinya, karena lalai akan rasa kepedulian yang berguna dalam hidupnya).
Kaidah 26
Åjå sók nyênyamah luputíng liyan, luwíh bêcík
tudúhnå kaluputané kang malah biså ngrumakêtaké råså pasêduluran.
Éwå sêmono åjå nganti kowé kêsusu mbêcíkaké
kêlakuwané liyan, yèn awakmu dhéwé rumångså durúng biså ngênggóni råså sabar
lan têpa sêlirå.
Såpå kang wís ngêrti lan ngrumangsani marang
sakèhíng dosané, iku sawijiníng wóng kang wís ngêrti marang jêjêríng
kamanungsané, manungsa kang utåmå.
BAGAIMANA MENYIKAPI ORANG YANG DIANGGAP SALAH
(Jangan sering memojokan orang lain yang salah,
lebih baik tunjukkan kesalahannya sehingga justru bisa mengakrabkan rasa
persaudaraan. Walau begitu jangan sampai kamu terburu-buru membenarkan
perbuatan orang lain, bilamana kamu sendiri merasa belum mampu mersikap sabar
dan peduli sesama. Siapa yang sudah memahami dan menyadari semua dosanya,
itulah orang yang sudah mengerti akan hakekat
manusia, manusia yang utama).
Kaidah 27
Ajiníng manungså iku kapúrbå ing pakartiné
dhéwé, ora kagåwå såkå katurunan, kapintêran, lan kasugihané.
Nangíng gumantúng såkå ênggóné nanjakaké
kapintêran lan kasugihané, sartå matrapaké wêwatêkané kanggo kêpêrluan
bêbrayan.
Kabèh mau yèn múng katanjakaké kanggo
kapêrluwané dhéwé, tanpå paédah.
Nangíng yèn pakarti mau kadayan déníng råså
pêpinginan golèk suwúr, golèk pangkat lan donya brånå, malah bisa dadi
mêmalaníng bêbrayan, jalaran nyinamudana sarånå nylamúr migunakaké jênêngé wóng
akèh.
OBYEKTIFITAS HARGA DIRI
(Harga diri manusia itu terbentuk oleh karena
wataknya sendiri, bukan dibawa dari keturunan, kepandaian, dan kekayaannya.
Namun tergantung dari cara menggunakan kepandaian dan kekayaannya, serta
penerapan perwatakannya untuk pergaulan (tali persaudaraan. Semua itu bila
hanya digunakan untuk keperluan pribadi saja, tiada bermanfaat. Tetapi bila
watak tadi terdorong oleh keinginan mencari ketenaran, mencari pangkat dan kemewahan
duniawi, justru dapat menjadi malapetaka dalam tali persaudaraan, karena
mencari-cari kesempatan dengan cara menyamar mencatut nama orang banyak).
Kaidah 28
Ora ånå budi kang luwíh luhur saliyané nduwèni
råså asíh marang nuså lan bangsané.
Kadunungan råså rumangsa nduwèni sêsanggêman
lan kuwajiban mranåtå têntrêmíng pråjå kanthi pawitan kapintêran kang
dilandhêsi kawicaksananing pambudi.
Tåndhå yêktiné yèn asíh, yaiku tansah samaptå
tumandang sawayah-wayah yèn ånå parigawé kang wigati kanggo wargå
sapådhå-pådhå, munggahé tansah samaptå lêladi kanggo kêslamêtaníng bêbrayan lan
karaharjaníng nagårå.
KEMULIAAN PALING TINGGI
(Tiada budipekerti yang lebih mulia selain
mencintai nusa dan bangsanya sendiri. Karena tumbuhnya kesadaran akan kewajiban
menata ketentraman negara dengan modal kepandaian yang didasari kebijaksanaan
budipekerti. Pertanda kesungguhan cintanya yakni selalu siap siaga
sewaktu-waktu bilamana ada tugas yang sangat penting untuk sesama warga, hingga
selalu siap siaga menjaga keselamatan persaudaraan dan kesejahteraan negara)
Kaidah 29
Wóng kang kêrêp tansah dipituturi wóng liya iku
adaté bisa dadi wóng dhêmên ngati-ati, nangíng mênåwå kapêngkók ing pêrlu sók
ora bisa tumindak lan ngrampungi dhéwé.
Kêpêkså isíh kudu nolèh wóng liya síng diwawas
bisa awèh pitudúh.
Mulå kuwi prayogå ngawulåå marang ati lan
kêkuwatanmu dhéwé, jalaran wóng liyå iku sêjatiné yèn ånå apa-apané múng
sadêrmå nyawang, ora mèlu ngrasakaké.
TEMPAT MENGABDI PALING IDEAL
(Orang yang sering mendapat nasehat dari orang
lain biasanya dapat menjadi orang yang suka berhati-hati, namun apabila
terbentur suatu tanggungjawab justru tidak bisa bertindak dan menuntaskannya
sendiri. Terpaksa masih harus menoleh-noleh orang lain yang dianggap dapat
memberi petunjuk. Maka dari itu seyogyanya mengabdilah pada nurani dan
kekuatanmu sendiri, sebab orang lain itu sesungguhnya bila terjadi apa-apa
hanya bisa melihat saja)
Kaidah 30
Wóng kang rumångså dhiriné linuwíh, ing
sawijiníng wêktu mêsthi bakal kasurúng atiné arêp mamèraké kaluwihané, liré
amríh dimangêrtènånå déníng wóng akèh yèn dhèwèké mono wóng kang pinunjúl lan
supåyå diajènånå.
Sumurupå, sakabèhíng kaluwihan mau yèn ora
dicakaké måwå lêlabuhan kang murakabi marang bêbrayan, tanpå gunå kêpårå malah
ora kajèn lan gawé pitunå.
Mula kang prayogå biså tulús dadi wóng kang
linuwih mênåwå gêbyaríng kaluwihan iku múng dikatónaké marang batiné dhéwé, iku
wís cukup.
KEPADA SIAPA BERPAMER KELEBIHAN
(Orang yang merasa dirinya lebih dari yang
lain, pada suatu waktu hatinya akan terdorong memamerkan kelebihannya, supaya
diketahui orang banyak bahwa dirinya mempunyai kelebihan dan supaya dihormati.
Ketahuilah, semua kelebihan tadi bila tidak digunakan dengan pengorbanan yang
bermanfaat untuk rasa persaudaraan, maka kelebihannya tiada berguna, bisa jadi
justru membuat tidak dihormati dan mengakibatkan kesengsaraan. Maka idealnya
jadikan buah ketulusan, walau betapapun hebat kelebihan itu hanya diperlihatkan
kepada batinnya sendiri, itu sudah cukup)
Kaidah 31
Dêdånå utåwå sêdhêkah marang wóng kang lagi
nyandhang påpå cintråkå iku sawijiníng pênggawé bêcík kang patút tinulådhå,
saugêr pawèwèh mau ora kinanthènan panggrundêl kang nêlakaké ora éklasíng
atiné.
Têtêmbungan kang lêmbah ing manah lan mêrak ati
iku luwih gêdhé ajiné katimbang dêdånå kang ora éklas.
Suprandéné nulúng lan mènèhi pêpadhang marang
jiwané wóng kang kacingkrangan iku kang sêjatiné luwih pêrlu lan wigati,
katimbang múng têtulúng marang awaké kang awujúd kêlairan baé.
MENOLONG BELUM TENTU TERPUJI
(sedekah pada orang yang sedang berduka nestapa
itu perbuatan terpuji, yang patut dijadikan tauladan, asalkan pemberian
tersebut tidak dibarengi sikap ngedumel yang membuat pudar keikhlasan di hati.
Kalimat dan tutur kata yang sopan santun, rendah hati dan melegakan hati itu
lebih besar nilainya dari pada sedekah yang tidak ikhlas. Lebih dari itu
menolong dan memberi pencerahan jiwa orang yang sedang mengalami musibah
sesungguhnya lebih perlu dan penting daripada hanya menolong secara lahiriahnya
saja)
Kaidah 32
Ulat sumèh, tindak-tandúk sarèh kinanthènan
têmbúng arís iku biså ngruntúhaké ati sartå ngêdóhaké panggódhaning sétan.
Kósókbaliné watak wicårå kang kêras, kêjåbå
kêduga gawé tanginíng kanêpsón, ugå gampang nuwúhaké salah panåmpå.
Sabarang prakårå kang sêjatiné bisa putús
sarånå arís lan sarèh, kêpêksa dadi adu wulêding kulít lan atósíng balúng, kari
si sétan ngguyu ngakak bungah-bungah.
JAGA INTONASI
(Muka ramah, tingkah laku tenang dibarengi
ungkapan yang sopan dapat meruntuhkan hati serta menjauhkan godaan setan (hawa
nafsu). Sebaliknya watak bicara keras, selain dapat membangkitkan amarah, juga
mudah menimbulkan salah pengertian. Setiap perkara yang sesungguhnya bisa
selesai dengan sarana kearifan dan ketenangan, terpaksa menjadi “beradu kuatnya
kulit dan kerasnya tulang”, tinggal si “setan” katawa terbahak).
Kaidah 33
Wóng kang kulinå uríp mubra-mubru iku
samangsané ngalami sandhungan uríp sêthithík baé adaté gampang kêthukulan
gagasan lan gawé kang cêngkah karo bêbênêr, luwíh bêgjå wóng kang uripé pokal samadyå
nangíng rêsík atiné.
Déné bêgja-bêgjané wóng iku ora kåyå wóng síng
tansah uríp ing kahanan kang kêbak godhå rêncånå, prasasat tåpå ånå satêngahíng
cobå, nangíng tansah tawêkal lan kandêl kêimanané marang adilíng Pangéran Kang
Måhå Kuwåså.
BERSIH HATI MEMBAWA KEBERUNTUNGAN
(orang yang terbiasa hidup tak kenal aturan
itu, sewaktu mengalami sedikit saja kesulitan hidup cenderung tumbuh gagasan
dan kerjaan yang melawan peraturan, lebih beruntung orang yang hidupnya
biasa-biasa saja namun bersih hatinya. Sedangkan seberuntung-beruntungnya orang
seperti itu tidak seperti orang yang selalu hidup dalam keadaan yang penuh
kebatilan dan angkara, sama halnya bertapa di tengah-tengah cobaan, namun
selalu tawakal dan tebal keimanannya kepada keadilan Tuhan Yang Mahakuasa)
Kaidah 34
Sipaté wóng uríp, iku mêsthi kêsinungan
kêkuwatan.
Kang ngêrti biså ngêcakaké, déné kang ora biså
ngêrti kurang digladhi, têmahan ora tumanja. Éwåsémono ngêmpakaké kêkuwatan
mula ora gampang.
Buktiné ora sêthithík kêkuwatan kang êmpané ora
mapan.
Kawruhana, yèn rusaké bêbrayan ing antarané
margå såkå pakartiné pårå-pårå kang ngêrti marang dayaníng kêkuwatané nangíng
ora kanggo nggayúh gêgayuhan kang mulyå, múng kanggo nuruti dêrênging ati
angkårå.
KELOLA KEKUATAN
(Sifatnya orang hidup itu pasti mendapat
anugrah kekuatan. Yang sudah paham bisa mempergunakannya, sebaliknya yang belum
bisa mengerti kurang diajari, maka tidak
akan berguna. Namun begitu menggunakan kekuatan tidaklah mudah. Buktinya tidak
sedikit kekuatan yang digunakan tidak tepat. Ketahuilah, bila rusaknya
kerukunan di antaranya karena watak para-para yang memahami daya kekuatannya,
namun tidak dimanfaatkan untuk menggapai cita-cita yang mulia, hanya untuk
menuruti dorongan hati angkara)
Kaidah 35
Katrêsnan kang tanpå pangrêksa iku dudu
sêjatiníng katrêsnan.
Kênå diarani sêjatiníng katrêsnan kang múng
kadêrêng lan kêna ing pangaribawaníng håwå napsu.
Dadi yèn ånå unèn-unèn ” trêsnå iku wutå” yaiku
síng kaprabawan håwå napsu.
Síng prayogå iku mêsthiné kudu ngugêmi
unèn-unèn “trêsnå iku rumêkså” biså salaras tumindaké.
Rasaníng katrêsnan kang cêdhak dhéwé tumrap
sadhêngah manungså iku dumunúng ing awaké dhéwé.
Mulå såpå kang trêsnå marang sapådhå-pådhå iku
aran trêsnå marang awaké dhéwé, tundhóné såpå kang tansah ngrêkså marang
karahayóníng liyan, ora bédå karo pangrêkså marang kêslamêtané dhéwé.
HAKEKAT CINTA
(Cinta kasih tidak disertai sikap merawat dan
menjaga bukanlah sesungguhnya cinta kasih. Dapat disebut cinta kasih yang hanya
menuruti hawa nafsu. Terdapat kalimat “cinta itu buta” yakni cinta yang
tercemar hawa nafsu. Idealnya harus
memegang pepatah “cinta itu memelihara” dapat sejalan dengan tindakan
nyata. Rasa cinta yang paling dekat bagi manusia itu terletak dalam dirinya
sendiri. Maka, barang siapa yang cinta kepada sesama itu sama halnya cinta pada
diri sendiri, artinya siapa yang selalu menjaga dan memelihara keselamatan
sesama, sesungguhnya menjaga keselamatan diri sendiri).
Kaidah 36
Srawúng ing madyaning bêbrayan iku kêjåbå kudu
wasís milíh papan lan êmpan, ugå kudu bisa angón mångså lan mulat ing sêmu.
Åjå nggêgampang ngrójóngi rêmbúg kang kowé
dhéwé durúng ngrêti prakarané.
Rêmbúg sêthithík nanging mranani iku nudúhaké
bóbótíng pribadi.
Rêmbúg akèh nangíng ampang malah gawé sånggå
rungginé síng pådhå ngrugókaké kêpårå njuwarèhi.
BAGAIMANA CARA MENCAMPURI URUSAN ORANG LAIN
(Bergaul dalam bermasyarakat selain harus
pandai memilih tempat dan suasana, juga pandai menempatkan waktu dan mawas
diri. Jangan menggampangkan mencampuri urusan orang lain sementara kamu sendiri
belum mengerti permasalahannya. Lebih baik, bicara sedikit namun mengenai
sasaran, itu menunjukkan kualitas pribadi. Pendapat yang panjang lebar tetapi
tidak berbobot justru membuat bingung yang mendengar bahkan dapat menjemukan)
Kaidah 37
Wóng kang wís têkan pêsthiné utåwå wis
katimbalan bali mênyang jaman kêlanggêngan iku sêjatiné lagi kênå diwènèhi biji
tumrap ajiné kamanungsané lan pakartiné nalikå uríp. Déné wóng kang isíh pådhå
uríp iku pêrlu disêmak baé dhisík, durúng kênå dipatrapi biji, jêr kahanané
isih bisa owah gingsír.
Sarèhné manungså iki sawijiníng titah kang
luhúr dhéwé, mulå wís samêsthiné yèn kitå åjå nganti kayadéné sato kang patiné
múng ninggal têngêr lulang lan balúng baé.
Nangíng bisowå kita nanjakaké uríp kitå marang
pakarti-pakarti utåmå, sumrambahé marang karahayóning uríp bêbrayan.
BAGAIMANA HARUS MENILAI ORANG
(Bila ajal telah tiba, atau sudah “dipanggil”
Tuhan kembali ke zaman keabadian, sesungguhnya baru dapat diberikan nilai
kemanusiaan dan perbuatannya sewaktu hidup di dunia. Sedangkan orang-orang yang
masih hidup sebaiknya disimak dulu saja, karena belum dapat dinilai, sebab
keadaannya masih dapat berubah-ubah. Walaupun kodrat manusia merupakan makhluk
yang paling mulia, maka sudah seharusnya kita menjaga jangan sampai seperti
binatang, kematiannya hanya meninggalkan bekas kulit dan tulang saja. Namun
kita harus berupaya memanfaatkan hidup untuk kelangsungan hidup bermasyarakat).
Kaidah 38
Mustikané wóng tuwå marang anak múng ånå ing
laku kang gumati, gunêm kang rurúh, lan ujar kang manís.
Gumatiné dumunúng ing têpå tuladhaníng tingkah
laku.
Gunêm lan ujar kawêngku ånå ing ucap kang
istingarah numusi kajiwan, lan luhuríng budi pêkêrti.
Mula yèn ånå åpå-åpå, åjå sêlak marang sêbutíng
paribasan : “Ora ånå kacang ninggal lanjaran”.
APA YANG PALING BERNILAI PADA DIRI ORANG TUA
(Mustika orang tua kepada anak berupa perilaku
sayang kepada anak, kalimat yang menentramkan, tutur kata yang manis. Kasih
sayang yang terletak pada perilaku yang utama, menjadi suritauladan. Kalimat
dan tutur kata terletak pada ucapan yang menentramkan hati, merasuk mencerahkan
ke dalam jiwa, serta dengan keluhuran budi pekerti. Oleh sebab itu, bila
terjadi apa-apa yang tidak diharapkan, jangan keburu menyatakan “ora ono kacang
ninggal lanjaran” atau tidak ada anak yang tidak meniru orang tuanya).
Kaidah 39
Nanggapi kahanan urip ing satêngahíng bêbrayan
iku gampang angèl.
Aran angèl kêpårå malah bisa gawé kêtliwênging
pikír samångså anggón kita mawas kêdhisikan kagubêl ing håwå.
Aran gampang yèn kita biså mikír klawan wêníng
lan mênêb.
Iyå pamikír kang mênêb iku kang aran akal budi
sêjati.
Kang bisa mbabaraké wóhíng wawasan kang mulús
rêsík, ora kacampúran blêntóngé “si aku”.
Apamanèh yèn tå kitå biså têtêp nguwasani
wêningíng pikír, nadyan kahanané uríp ing satêngahing bêbrayan kisruhå
dikåyångåpå, istingarah ora angèl anggón kita nanggapi.
KEHENINGAN FIKIR
(Menaggapi kehidupan di tengah pergaulan masyarakat
itu gampang-gampang susah. Susahnya karena dapat mebuat fikiran keblinger
apabila dalam membangun sikap mawas diri sudah terbalut hawa nafsu. Mudahnya,
apabila kita mampu berfikir dengan jernih dan menahan diri (mengendapkan
emosi). Menahan diri merupakan akal budi sejati. Yang dapat menjabarkan buah
dari wawasan yang bersih tanpa cacat, maksudnya tidak tercemar oleh noda
ke-aku-an. Apalagi bila kita teguh menguasai kebeningan fikir, walaupun
kehidupan bermasyarakat terjadi kekacauan, maka tidaklah sulit kita
mensikapinya).
Kaidah 40
Srêngên marang wóng mono åjå nganti kênêmênên
lan kêliwat-liwat múng margå wis ngêrti yèn wóng mau ora bakal wani nglawan
utåwå wís ora biså nglawan, síng èstiné múng arêp ngêdír-êdíraké drajad pangkat
utåwå kadibyané baé.
Pakarti kaya ngono mau kêjåbå klêbu ambêg siyå,
ugå wóng síng disrêngêni durúng karuwan bakal dadi bêcík, kêpårå bisa nuwúhaké
råså sêngít.
Kang prayogå iku srêngên samadyå kang mêngku
pitutúr murih bêciké.
KEMARAHAN YANG BENAR DAN TEPAT
(Marah kepada seseorang jangan sampai
keterlaluan dan kelewatan, hanya karena seseorang itu tidak bakal berani atau
sudah tidak mampu melawan, padahal hanya karena mentang-mentang mendapat
derajat pangkat yang tinggi saja. Tabiat seperti itu selain watak aniaya, begitupun
orang yang dimarahi belum tentu menjadi baik, justru memungkinkan tumbuhnya rasa benci. Seyogyanya jika marah
yang sewajarnya saja yang berisi nasehat supaya menjadi baik).
Kaidah 41
Wóng pintêr kang ora kinanthènan ing kautaman
iku ora bédå karo wóng wutå kang nggåwå óbór ing wayah bêngi.
Madhangi wóng liyå nangíng dhèwèké dhéwé lakuné
kêsasar-sasar.
Kapintêran mangkéné iki yèn tå dicakaké ing
madyaning bêbrayan bakal nuwúhaké kapitunan, pikolèhé malah múng wujúd
kasangsaran lan karusakan.
KEUTAMAAN BUDIPEKERTI ADALAH TIANG ILMU
(Orang yang pandai tetapi tidak disertai
keutamaan perilaku dan budi pekerti, tidaklah berbeda dengan orang buta yang
membawa obor di malam hari. Menjadi penerang orang lain, tetapi perilaku
dirinya sendiri malah tersesat-sesat. Kepandaian semacam ini bila diterapkan di
tengah kehidupan bermasyarakat akan menimbulkan kerugian, yang didapat hanyalah
kesengsaraan dan kerusakan).
Kaidah 42
Síng såpå ngidham kaluhuran kudu wani kúrban
lan ora wêgah ing kangèlan.
Mêrgå yèn tansah tidhå-tidhå, mokal åpå sing
kagayúh bisa digånthå lan tangèh lamún åpå síng diluru bisa kêtêmu.
Makarti wani rêkåså kanthi masrahaké urip lan
jiwå rågå marang Kang Múrbèng Kuwåså.
Yèn kêpingín mênang pancèn larang patukóné,
yaiku kudu bisa nuhóni sêsanti: “Surå dirå jayaníngrat lêbúr déníng
pangastuti”.
KEMENANGAN ITU MAHAL HARGANYA
(Barang siapa gemar keluhuran budi harus berani
berkorban dan tidak enggan melewati kesulitan. Karena bila ragu-ragu, tidaklah
mungkin apa yang diharapkan dapat terwujud, dan mustahil apa yang dicari bisa
ketemu. Berani bekerja keras dengan dengan berserah diri jiwa dan raga kepada
Tuhan Yang Mahakuasa. Bila ingin menang memang mahal harganya, yakni harus
dapat mematuhi peribahasa; “sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti”)
Kaidah 43
Isíh bêjå yèn kowé diunèkaké “Ora Lumrah
Uwóng”, jalaran isíh dianggêp manungså.
Yå múng solah tingkahmu kang kudu kók owahi
amríh ora gawé sêrikíng liyan.
Cilakané yèn diunèkaké “Ora Lumrah Manungså”, jalaran
kowé dianggêp sétan gêntayangan síng múng dadi lêlêthêging jagad margå
pakartimu kang ninggal sifat kamanungsan.
Mula énggal-énggala sumujudå marang Gusti Kang
Múrbèng Dumadi.
Sifaté Gústi Allah mono sarwå wêlas asíh marang
umaté kang wís sadhar marang doså-dosané sartå têmên-têmên bali tuhu marang
dhawúh-dhawuhé.
MANUSIA TAK LAZIM
(Masih beruntung bila kamu dibilang “tidak
lazimnya orang” sebab berarti masih danggap manusia. Hanya saja polah tingkah
mu yang harus dirubah, agar tidak menimbulkan iri hati orang lain. Celakanya
bila kamu dibilang “tidak lazimnya manusia” sebab kamu dianggap setan
gentayangan yang mengotori jagad karena watakmu yang meninggalkan sifat
kemanusiaan. Maka dari itu, segeralah bersujud kepada Tuhan Maha Pencipta.
Kaidah 44
Ora ånå pênggawé luwíh déníng múlya kêjåbå
dêdånå síng ugå atêgês mbiyantu nyampêti kêkuranganing kabutuhané liyan.
Dêdånå marang sapêpådhå iku atêgês ugå
mitulungi awaké dhéwé nglêlantih marang råså lilå lêgåwå kang ugå atêgês
angabêkti marang Pangéran Kang Måhå Wikan.
Pancèn pangabêkti mono wís aran pasrah, dadi
kitå ora ngajab marang baliné sumbangsih kang kitå asúngaké.
Kabèh iku síng kagungan múng Pangéran Kang Måhå
Kuwåså, kitå ora wênang ngajab wóhíng pangabêkti kanggo kitå dhéwé.
Nindakaké kabêcikan kanthi dêdånå kita pancèn
wajíb, nanging ngundhúh wóhíng kautaman kitå ora wênang.
HAKEKAT SEDEKAH
(Tiada perbuatan lebih mulia selain sedekah
yang berarti membantu memenuhi kebutuhan orang lain. Sedekah kepada sesama
berarti juga menolong diri sendiri, melatih diri merasa ikhlas dan lapang dada,
yang berarti mengabdi kepada Tuhan Yang Maha Mengetahui. Mengabdi sama halnya
dengan pasrah, kita tidak mengharap imbal-balik atas apa yang kita berikan.
Semua itu yang punya hanyalah Tuhan Yang Mahakuasa. Kita tidak berhak berharap
buah dari pengabdian untuk diri kita sendiri. Melakukan kebaikan dengan cara
berderma (sedekah) adalah wajib, tetapi mengharap menuai buah dari kebaikan, kita tidaklah berwenang).
Kaidah 45
Mêmitran pasêduluran nganti jêjodhowan kuwi yèn
siji lan sijiné biså êmóng-kinêmóng, istingarah biså sêmpulúr bêcík. Yèn ånå
padudón sêpisan pindho iku wis aran lumrah, bisa nambahi rakêtíng sêsambungan.
Nangíng suwaliké yèn pådhå angèl ngênggóni sifat êmóng-kinêmóng mau gênah
långkå langgêngé, malah bédaníng panêmu sithík baé biså marakaké dhahuru.
KIAT KELANGSUNGAN RUMAH TANGGA
(Hubungan persaudaraan hingga berjodoh itu bila
satu sama lainnya dapat saling membimbing, ikhtiyar dapat membangun kebaikan.
Bila sekali dua kali terjadi pertengkaran itu masih lumrah, dapat menambah
eratnya hubungan. Namun sebaliknya bila tak mampu membangun sikap saling
membimbing maka jarang akan berlangsung selamanya. Malah, perbedaan sedikit
saja akan menjadi sumber malapetaka).
Kaidah 46
Wóng kang ora naté nandhang prihatin ora bakal
kasinungan råså pangråså kang njalari têkané råså trênyúh lan wêlas lahír
batiné.
Wóng kang wís naté kêtaman ing prihatin luwíh
biså ngrasakaké pênandhangé wóng liya. Mulå adhakané luwíh gêlêm awèh
pitulungan marang kang kasusahan.
PRIHATIN MEMBANGUN SENSE OF HUMAN
(Orang yang tak pernah prihatin tidak akan
terpilih menerima anugrah ketajaman perasaan yang menumbuhkan perasaan haru dan
belas kasih lahir batin. Orang yang pernah menjalani prihatin lebih mampu
merasakan penderitaan orang lain (empati). Biasanya mereka lebih peduli untuk
memberikan pertolongan kepada orang-orang yang kesusahan).
Kaidah 47
Sarupaníng wêwadi sing ålå lan sing bêcík, yèn
isíh kók gémból lan mbók kêkêt kanthi rêmít ing ati salawasé isih bakal têtêp
dadi batúr.
Nangíng yèn wís mbók kétókaké sathithík baé
bakal dadi bêndaramu.
Isíh lagi nyimpên wêwadiné dhéwé baé wís abót.
Åpå manèh yèn nganti pinracåyå nggêgêm wêwadiné
liyan.
Mulå såkå iku åjå sók dhêmên kêpingín mêruhi
wêwadiné liyan.
Síng wís cêthå múng bakal nambahi sanggan síng
sêjatiné dudu wajíbmu mèlu opèn-opèn.
BANYAK CARA MENUAI MASALAH
(Berbagai macam rahasia baik maupun buruk, bila
masih kamu simpan rapat di dalam hati, selamanya masih akan tetap menjadi
budak. Bila sudah kamu perlihatkan sedikit saja akan menjadi tuanmu. Menyimpan
rahasia sendiri saja sudah berat. Apalagi bila sampai dipercaya menggenggam
rahasia orang lain. Maka dari itu janganlah suka ingin mengetahui rahasia orang lain. Sudah jelas, hanya akan
menambah beban yang sesungguhnya bukan kewajibanmu ikut-ikutan).
Kaidah 48
Sók såpåå bakal nduwèni råså kúrmat marang wóng
kang tansah katón bingar lan padhang polatané, nadyan tå wóng mau nêmbé baé
nandhang susah utåwå nêmóni pêpalang ing panguripané.
Kósókbaliné, wóng kang tansah katón suntrút
kêrêp nggrundêl lan grênêngan mêrgå ora katêkan sêdyané iku cêthå bakal
kóncatan kêkuwataníng batín lan tênagané, tangèh lamún éntukå pitulungan,
kêpårå malah dadi sêsirikaníng mitra karuhé.
BERWAJAH RIANG SEKALIPUN SEDANG MENDERITA
(Siapapun akan merasa hormat, kepada orang yang
selalu tampak riang gembira, meskipun orang itu baru mengalami kesusahan dan
kesulitan dalam hidupnya. Sebaliknya orang yang selalu tampak kusut suka
ngedumel dan sering ngomel karena keinginannya tak terwujud, itu jelas kekuatan
batinnya dan tenaganya bakal sirna. Mustahil dapat pertolongan, terkadang malah
jadi orang yang dibenci sekalipun oleh kerabatnya).
Kaidah 49
Kitå iki diparingi cangkêm siji lan kupíng loro
déníng Kang Måhå Kuwåså, liré mêngku karêp amríh kitå iki kudu luwíh akèh
ngrungókaké katimbang micårå.
Yêktiné wóng kang dhêmên ngumbar cangkêmé
tinimbang kupingé iku adaté wicarané gabúg.
Suwaliké síng akèh ngrungókaké, wicarané
sêthithík nangíng patitís lan mêntês.
Pantês dadi jujugané sadhêngah wóng kang
mbutúhaké rêmbúg kang prayogå.
SILAHKAN; MAU BANYAK MENDENGAR ATAU BANYAK
BICARA
(Kita diberi satu mulut, dua telinga, oleh
Tuhan Mahakuasa. Maknanya, kita harus lebih banyak mendengarkan ketimbang
bicara. Sesungguhnya orang yang gemar mengumbar mulutnya ketimbang telinganya,
seperti itulah watak orang yang bicaranya tak berisi. Sebaliknya, yang banyak
mendengarkan, biasanya bicara sedikit namun tepat dan berbobot. Pantas menjadi
tempat tujuan orang-orang yang membutuhkan nasehat (petunjuk) yang baik).
Kaidah 50
Wóng kang tansah dhêmên ngupíng kêpingín wêrúh,
åpådéné nyampuri pêrkarané liyan, gêdhéné nganti nrambul urún ucap, iku pådhå
karo golèk-golèk mómótan kang sêjatiné ora prêlu, adhakané kêpårå malah ngrêridhu
awaké dhéwé.
PENYEBAB KEKALUTAN DIRI
(Orang yang selalu gemar menyadap ingin tahu,
begitupula mencampuri perkara orang lain, hingga sampai ikut-ikutan berujar,
hal itu seumpama mencari-cari muatan yang sesungguhnya tidak perlu, biasanya
justru membuat kalut dirinya sendiri)
Kaidah 51
Ucap sakêcap kang kêlaír tanpå pinikír kêrêp
baé nuwúhaké drêdah lan bilahi.
Mula wêtuné têmbúng satêmbúng såkå lésan iku
prayogå tan udinên aja nganti nggêpók prêkarané wóng liyå, gêdhéné nganti gawé
sérikíng liyan. Biså nyandhêt uculé pangucap kåyå mangkono mau wís klêbu
éwóníng pakarti kang utåmå.
Nangíng généyå kók ora sabên wóng biså nglakóni
?
MULUTMU, HARIMAUMU
(Sepatah kata yang terucap tanpa dipikir lebih
dulu, sering menimbulkan perpecahan dan celaka. Maka, keluarnya kalimat dalam
sepatah dua patah kata dari mulut seyogyanya diupayakan jangan sampai
menyinggung perkara orang lain, terlebih lagi membuat sakit hati orang lain.
Sikap mampu mengendapkan kalimat dan tutur kata yang tidak baik, termasuk
budi-pekerti yang mulia. Namun begitu, mengapa tidak setiap orang mau
melakukannya?)
Kaidah 52
Wóng iku yèn wís kasókan kabêcikan lan rumangsa
kapotangan budi, ing sakèhíng pakartiné lumrahé banjúr ora kêncêng lan rêsík.
Mulané tangèh lamún yèn biså njågå jêjêgíng
adíl, awít lésané kasumpêtan, mripaté bêrêng, kupingé budhêg. Atiné dadi mati,
angèl wêrúh ing bêbênêr.
Mulå såkå iku åjå gumampang nåmpå kabêcikané
liyan, samångså tujuwané ngarah marang pênggawé kang nalisír såkå bêbênêr.
HATI-HATI MENERIMA KEBAIKAN ORANG
(Orang itu bila sudah berhasil menerima
kebaikan dan merasa berhutang budi, wataknya di kemudian hari bisa berubah,
menjadi tidak teguh dan bersih. Sehingga tak mampu menjaga tegaknya keadilan,
sebab mulutnya tersumbat, matanya rabun, telinganya tuli. Hatinya menjadi mati,
sulit melihat kebenaran. Maka dari itu jangan mudah menerima kebaikan orang,
bila tujuannya mengarah pada perbuatan yang keluar dari kaidah kebenaran).
Kaidah 53
Åjå kasêlak kêsusu nyêpèlèkaké liyan, margå kók
anggêp wóng mau bodho.
Awít ånå kalamangsané kowé mbutúhaké rémbúg lan
pituturé wóng iku, síng kanyatané biså mbéngkas lan nguwalaké såkå karuwêtanmu.
Pancèn ing sawijiné bab wóng biså kaaran bodho,
nangíng ing babagan liya tangèh lamún yèn kowé biså nandhingi.
HATI-HATI, TAK ADA KEBODOHAN UNIVERSAL
(jangan keburu meremehkan orang lain, (hanya)
karena orang itu kamu anggap bodoh. Sebab ada kalanya kamu membutuhkan jasa dan
nasehat orang itu, yang kenyataannya dapat menyelesaikan dan mengatasi
masalahmu. Memang dalam suatu hal seseorang dapat dianggap bodoh, tetapi di
lain hal tak mungkin anda dapat
menandinginya).
Kaidah 54
Yèn micårå åjå gumampang nêlakaké pênacad utawa
pangalêm, luwíh-luwíh nganti mêmaóni.
Awít wicaramu durúng karuwan bênêr.
Síng mêsthi panacad mau gawé sêrík, pangalêmé
nuwúhaké wiså, déné waónané ora digugu, kabèh swårå ålå.
Mulå kang prayogå iku múng mênêng, jalaran
mênêng iku yêktiné pancèn mustikaníng ngauríp.
SILAHKAN PILIH; BANYAK OMONG ATAU DIAM
(Jika bicara jangan mudah mencela dan menyanjung
orang, apalagi sampai nasehat menggurui. Karena ucapanmu belum tentu benar
adanya. Yang pasti, pencelaan berakibat sakit hati, dan sanjungan dapat
menimbulkan bisa (racun), bila nasehat
tidak dihiraukan, semua suara menjadi buruk. Maka idealnya lebih baik diam,
karena diam itu sesungguhnya mustika
kehidupan)
Kaidah 55
Udinên ing alam donya iki åjå ånå wóng kang kók
sêngiti, supaya ora ånå wóng sêngít marang kowé, balík sabiså-biså pådhå
trêsnanånå.
Amargå lêlakón ing alam donya iki anané múng
walês-winalês baé.
Déné yèn kêpêkså kowé sêngít marang sawijiníng
wóng, mångkå kowé ora biså mbuwang sêngítmu, gawénên wadi åjå ånå wóng kang
ngêrti.
Yèn kowé ngandhakaké sêngítmu marang liyan,
prasasat kowé mamèraké alané atimu.
“ADAB” MEMBENCI ORANG LAIN
(Berupayalah selalu, agar jangan ada orang yang
kamu benci, supaya tidak ada orang yang membencimu, sebaliknya sedapat mungkin
sayangilah sesama. Karena kejadian buruk di dunia ini adanya dari saling balas
membalas. Bila terpaksa kamu membenci seseorang, dan kamu tidak bisa
menghilangkan rasa bencimu, rahasiakan agar tidak ada orang lain yang tahu.
Bila kamu menceritakan kebencianmu pada orang lain, justru kamu membeberkan
kejahatan hatimu)
Kaidah 56
Ajiníng dhiri ånå ing lati.
Ajiníng rågå ånå ing busånå.
Mula dèn ngati-ati ing pangucapmu, sêmono ugå
anggónmu ngadi busånå kang bisa mapanaké dhiri.
DI MANAKAH LETAK HARGA DIRI
(Harga diri letaknya ada di mulut. Berharganya
raga tergantung oleh busananya. Maka, berhati-hatilah dalam bertutur kata,
begitu pula dalam hal cara berpakaian, dapatlah menghargai diri sendiri)
Kaidah 57
Wóng pintêr kang isih gêlêm njalúk rêmbugíng
liyan iku dianggêp manungsa utúh.
Såpå síng rumangsa pintêr banjúr suthík njaluk
rêmbuging liyan kuwi manungsa sêtêngah wutúh.
Lan síng såpå ora gêlêm njalúk rêmbugíng liyan,
iku bisa kinaranan babar pisan durúng manungså.
SYARAT MENJADI MANUSIA
(Orang pandai yang masih bersedia meminta
pendapat orang lain itu dianggap manusia utuh. Siapa yang merasa sudah pandai
kemudian enggan minta pendapat orang lain, itu manusia setengah utuh. Dan siapa
yang tidak bersedia minta pendapat orang lain, dapat disebut sama sekali belum
(jadi) manusia).
Mantap nasehat nya
BalasHapussae sanget,nyuwun ijin copast nggih,matur suwun sanget
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusbarakallah, ijin copy paste ya min
BalasHapus