Selasa, 18 Oktober 2016
Serat Nitiprana Piwulang Budi Luhur
Para mudha menawa niyat nggayuh budi kang luhur, kang sepisanan den lakoni yaiku tansaha laku becik. Tumindak kang bener, linambaran ati sabar.
Ati kang sabar nyengkakake nggayuh ati kang suci. Saka ati kang suci iki bakal mancar kasukcen marang dhiri pribadhi lumeber maring kiwa tengene. Ati kang suci bisa nulak tekane adzab kang ala.
Ati kang suci minangka kuncine. Ngendhaleni nafsu kang ala, cumaket marang samubarang kabecikan lan bebener. Ora tedhas klawan pambujuke setan. Ati kang suci minangka pawitane. Nyedhak ndedonga maring Ingkang Kuwasa.
Gusti enggal ngijabahi maring sadhengah panyuwunan.
SIFAT PITU
Kajlentrehake yen wong kang luhur utawa asor budine iku bisa kasemak saka tandha-tandha ing badane, yaiku solah tingkah lan tetembungane. Wong kang wis putus bebudhene, katandha nduweni sifat pitu, yaiku:
1. Nadyan diala-ala dening liyan, ora nedya genti gawe ala, malah kepara males kabecikan. Atine tansah binuka maring sasami lan sugih pangapura.
2. Atine tansah madhep manteb maring Gusti Allah. Ngregani marang wong kang gawe kabecikan marang dheweke. Andhap asor marang sapa wae. Ora nedya gawe pitunaning liyan.
3. Seneng marang solah tingkah kang becik lan nyingkiri panggawe kang ala.
4. Bisa ndhahar ature liyan kanthi tetimbangan kang permati.
5. Apa kang ingucap tansah didasari dening tetimbangan kang gumathok.
6. Seneng olah pikir, tansah ndedonga, lan eling yen wong urip iku tekane ngendon bakal kapundhut.
7. Menawa ngalami musibah dilakoni kanthi sabar minangka ujian saka Gusti Allah.
Semono uga tandhane wong kang asor ing budi, uga dumadi saka sifat pitu, yaiku:
1. Yen guneman cal-cul ora dipikir kanthi permati lan sak gunem-guneme tansah natoni atine liyan.
2. Sombong, congkak, geleme srawung milih-milih wong, mung sing dianggep padha drajate wae sing disrawungi.
3. Kurang sopan santun, kepara gonyak-ganyuk ing pasrawungan.
4. Gampang nesu lan aten-atene keras marang sapa wae.
5. Drengki, srei, jahil, methakil, seneng pradul, adu-adu, lan adol gunem.
6. Sarwa sulaya yen diajak gawe becik.
7. Yen ketaman musibah kakehan sambat, ora sabaran.
MAKSIYAT TELU
Sabanjure katerangake, klebu laku utama jroning nggayuh budi luhur, ing antarane yaiku sifat tinarbuka lan ora ana kesele luru ngelmu, becik ngelmu kadonyan apa dene ngelmu agami. Drajat pangkat kang dhuwur durung njamin kamukten lan kamulyan. Kabeh iku mau isih kudu linambaran kanthi madhep manteb pasrah maring Gusti Allah. Manteb anggone bekti marang Gusti, pasa saperlune, tafakur kanthi ngurangi turu, sarta ndonga kanthi khusuk.
Sa'liyane iku, den simpangi anane maksiyat kang telu. Sing jeneng maksiyat iku ora mung malima (main, minum, madon, madat, maling), isih ana maksiyat sing luwih mbebayani tumrap jiwa.
Maksiyat cacah telu mau yaiku potang kanthi nganakake dhuwit (lintah darat), nampa punjungan kanthi sarat (suap/pungli), lan goroh jroning bakulan (ngelongi timbangan).
Maksiyat kang telu iku ngasilake dhuwit riba, kang ora pantes tumrap wong kang nggayuh bebuden luhur.
Dhuwit riba bisa njalari dalane pepati dadi peteng. Jroning sakaratul maut, riba ngaling-alingi lakune ati kang padhang, nuwuhake rasa bingung, samubarang dadi rumit, nyawa mlayu tanpa tujuwan, tanpa gondhelan, ora ana sing paring pitulungan. Mula diati-ati, amrih dalane pepati mengko padhang jingglang. Bener lan pener lakune ruh.
Budi luhur tumuju maring pepati kang padhang. Padhang atine, padhang dalane. Piwulang marang pepati kang padhang ora bisa digawe gampang. Sarate ngudi ngelmu lan kawruh rina klawan wengi, tarak brata ngedohke laku asor, ngendhaleni aluamah, nggusah sombong lan srakah, nyencang amarah lan sufiyah.
Ana maneh kang kudu disiriki. Aja sepisan-pisan ngehaki barang kang ora sah manut hukum, yaiku warisane wong cethil lan wong kang seneng gawe fitnah. Amrih ora nemoni kacilakan lan kasangsaran selawase.
Duwea watak sabar lan tawakal. Wong sabar lan tawakal bakale nemoni kabahagian lan keslametan. Slamet lan bahagia iku mancarake kabecikan. Sing becik bakale nggawa manfaat, nekakake anugrah kang agung. Anugrah iku wahyu petunjuk saka Gusti Allah. Iki sing utama. Anugrah Gusti asipat Asih lan Rohman. Asih lan Rohman mancarake eling. Eling mancarake makrifat. Makrifat ora liya mujudake Asih saka Gusti Allah...
Mugiyo Migunani....
Rabu, 03 Februari 2016
AL FAATIHAH
AL FAATIHAH ( BEBUKA )
Surat kaping 1 : 7 ayat
( Tumuruning wahyu ana ing Mekkah, tumurun sawuse surat Al-Muddatstsir )
Bahasa Arab :
1.Bismillahir rahmaanir rahim
2.Alhamdu lillaahi rabbil ‘aalamiin
3.Arrahmanir rahiim
4.Maaliki yaumid diin
5.Iyyaaka na’budu wa iyyaaka nasta’in
6.Ihdinash shiraathal mustaqiim
7.Shiraathal ladziina an’amta ‘alaihim, ghairil maghdhuubi ‘ alaihim waladl dlaal-liin
Bahasa Jawa :
1.Kalawan asma Allah kang Maha Murah ugi Maha Asih.
2.Kabeh pangalembana kagunganing Allah Pangeran, Sesembahaning ‘ alam jagad-rat pramudita.
3.Kang Maha Murah Maha Asih.
4. Kang Ngratoni ing dina Piwelas.
5. Namung dhumateng Paduka piyambak kita sami menembah ‘ ibadah, saha namung dhumateng Paduka piyambak kita sami anyenyadhong pitulungan.
6. Dhuh Gusti Allah, mugi Paduka paring pitedah ing kita sadaya lumampah wonten ing margi ingkang leres.
7. Inggih punika margi, Agaminipun para tetiyang ingkang sampun Paduka paringi kani’matan, sanes ingkang sami kabendon, tuwin sanes ingkang sami sasar.
Isi maksud ingkang wigatos ing Surat Al-Faatihah :
Intisari saking isinipun Al-Quraan punika sampun kaweca pokok-pokok ingkang fundamentil wonten salebeting Surat Al Faatihah, kados kasebut ing ngandhap punika :
1. Bab ‘aqaid utawi kaimanan ; punika kuwajiban ingkang wiwitan kaampil, ingkang dipun da’wahaken dening junjungan kita Nabi Muhammad s.a.w, makaten ugi dening para andika Rasul saderengipun. Ingkang baku inggih punika ‘ aqidah-tauhid ( memundhi saha mangeran namung dhumateng Panjenanganipun Allah piyambak ) ‘ Aqidah-tauhid wau dados jejering piwucal Agami, sadaya para andika Nabi Utusaning Allah kautus ngampil tugas-pokok mbangun Tauhid ing Allah, sarta ngrebahaken sadaya kamusyrikan, ugi ngajak Ummatipun supados samia ‘ibadah ( manembah ) ing Allah piyambak, lan nilar sadaya brahalanipun.
2. ‘Ibadah ; utawi ngumawula lan manembah ing Allah, ingkang kuwajiban sadaya titah, langkung-langkung manungsa ( sabab manungsa punika makhluk ingkang saged damel kabudayan wonten ing ‘ alam donya ). Ingkang baku wonten sekawan, inggih punika : Shalat, Zakat, Shiyam lan kesah Haji. Saking ingkang baku kasebut, lajeng tuwuh ‘ibadah memuji, ndedonga, dzikir lan tafakkur utawi I’tikaf ing masjid. Saking zakat lajeng tuwuh ‘ ibadah qurban sidqah, weweweh lan tetulung ing sasaminipun, lan saking Shiyam tuwuh watak Wira’I 9 mboten ndremis lan mboten kathah sesambat ) sumingkir saking ingkang nama lelangkungan ( gesang prasaja ). Lajeng saking Haji tuwuh semangat ambelani sarta labuh ing agami.
3. Angger- angger Hukum lan Pernatan- pernatan : maksudipun Syari’at Islam damel angger-angger hukum lan pranatan punika kangge karaharjaning ummat manungsa ing Donya dumugi ing Akheratipun. Pramila ing salebetingQuraan ngemot pinten-pinten norma lan katamtuwan, upami hukum, politik, tatanagari, sosial, ekonomi, perang, dahme, sesambetan internasional, kabudayan sarta kesenian, agami, sesambetaning manungsa kaliyan Allah, lan lingkungan sapiturutipun.
4. Janji sarta ancaman : artosipun supados ngadeg keadilan lan keleresan ingkang saestu, sanajan wonten Donya saged lolos saking hukuman, nanging wonten ngarsaning Allah ing dinten Qiyanat tantu nboten saged lolos malih.
5. Sejarah : maksudipun ingkang saged dados tepa-palupi ing salebeting sesrawungan ummat manungsa, sampun ngantos damel sejarah awon, gesang sapisan wonten ing ‘ alam Donya.
Senin, 01 Februari 2016
Sumpah Palapa
“Lamun huwus kalah Nusantara isun amukti palapa; lamun kalah ring Gurun, ring Seran, ring Tanjungpura, ring Haru, ring Pahang, Dompo, ring Bali, Sunda, Palembang, Tumasik, samana isun amukti palapa.”
Iku Sumpah Nusantara utawa Sumpah Palapa den ucapke dening Mahapatih Gajah Mada. Dening Mr. M. Yamin ditegesi: Lamun Nusantara wis tundhuk; aku bakal leren (“istirahat”); yen Gurun (Lombok), Seran (Seram), Tanjungpura (Kalimantan), Haru (Sumatra Utara), Pahang (Malaya), Dompo, Bali, Sunda, Palembang=San-fo-ta’I, lan Tumasik (Singgapur), nalika iku “istirahat”.
Tembung amukti palapa dening Mr. M. Yamin ditegesi ngaso utawa istirahat (pensiun?). Sajak-sajake para ahli sejarah durung sapanemu ngenani tegese palapa utawa “amukti palapa”. Ana tembung Jawa sing cedhak banget karo tembung palapa, yaiku tembung “plapah”. Manut bausastra W.J.S. Poerwadarminta 1939 plapah ditegesi (enggon-enggonan) bumbu olah-olahan = bumbu pawon.
Enggon-enggonan mau sajake kalebu Tulungagung. Awit ing Pasar Wage Tulungagung ana bango (los) sing ditulisi “plapah”. Tegese bango mau kanggo wong dodolan plapah. Kamangka nyatane los mau kanggo wong dodolan bumbu olah-olahan. Dudutanku “amukti palapa” daktegesi dhahar dhaharan sing nganggo bumbu. Dadi sasuwene Nusantara durung manunggal karo Majapahit, Gajah Mada ora dhahar dhaharan sing dibumboni.
Ing bebrayan Jawa tirakat utawa riyalat kaya ngono kuwi jenenge pasa mutih. Yaiku mung dhahar sega putih, ora nganggo lawuh sing dibumboni. Nalika kelakon Nusantara wis nyawiji karo Majapahit, Gajah Mada mesthine ya leren anggone pasa mutih.
Sejatine sing negesi amukti palapa padha karo “istirahat” iku ora mung Mr.M. Yamin bae, sanajan Ki J. Padmapuspita uga mengkono. Bab iki kacetha ing buku Pararaton karyane Ki J. Padmapuspita babaran Taman Siswa Jogjakarta tahun 1966.
Tembung palapa pancen wis kondhang, malah kanggo jeneng satelit komunikasine Indonesia. Mung bae durung dimangerteni makna sing sabenere. Upama palapa iku padha karo plapah kayu atur ing dhuwur, kok ya mathuk yen tan amukti palapa ditegesi ora dhahar bumbon, ateges padha karo pasa mutih. Bab iki dak kondurake marang para maos lan para nimpuna. Oncek-oncekan iki thukul ing sawijining wektu nalika aku melu biyunge anakku blanja nyang pasar Wage Tulungagung lan weruh ana los kanthi krepyak “plapah”.
Tembung palapa mesthi digandhengake karo Gajah Mada tokoh pamersatu Nusantara. Awit sumpah palapa iku pancen sumpahe Mahapatih Gajah Mada. Mung emane nganti saiki durung disumurupi sejarahe. Gajah Mada iku lahire dhek kapan, ana ngendi, putrane sapa? Mr. M. Yamin sing nulis buku mligi Gajah Mada ya ora nyebutake jati dhirine pahlawan iku. Buku Pararaton sajake mengkono uga. Ora beda karo tokoh Ken Angrok sing ora disebutake jati dhirine.
Ana sing crita yen Gajah Mada iku lair saka woh klapa. Ken Angrok iku turune bathara Syiwa karo Ken Endok. Sajake merga tokoh loro mau wijiling kawula cilik, ora dicathet dening pujangga. Para pujangga mung nyathet tedhak turun ngawirya, turuning ratu; nganti sawise seda diemba titisane dewa sapa. Recane digawe persis kaya dewa ing kahyangan sing nitisi.
Ing bukune Mr. M.Yamin mung nyritakake yen Gajah Mada iku lair ing pegunungan, pethite kali Brantas, tlatah Malang. Gedhe lan misuwur ing kutharaja lan muksa ing samodra. Ing Probolinggo ana papan sing karan Madakaripura, kaya pidalemane Gajah Mada nalika wis sepuh. Nanging iki perlu panaliten sing temenan supaya luwih dipercaya kadidene sejarah. Dudu dongeng sing dipaido ora mengeng.
Sawetara iku pendhudhuk Bali padha percaya yen Gajah Mada iku laire ing pulo Bali banjur pindhah lan misuwur ing Majapahit. Nyumanggakake.
MEMANGUN KARYA TYASING SESAMA
Pambegan kang wolung prekara kang pinaringan asma Hasthabrata hanggelar lelabuhan mau, kalamun anggung pinundi kanthi patitising tangguh, empan papan angon mangsa dulu marang kahanan, sayekti bisa ngirup sanggyaning kang tumingal. Iya tapak lelabuhan kang mangkono mau bisa dadi pikukuhing laku tumrap janma manungsa kabeh ing sajroning bebrayan urip ing alam donya umume, utamane kagem para satriya utama pangembat pusaraning praja kalebu para pemimpin bangsa, nganti tumeka kepala bale wisma utawa mimpin diri pribadi. Kabeh amung kinarya pikukuh murih sakabehing tumindak becik nganggo dasar tepa salira, ditepakake marang rasane dewe. Ana tetembungan ngono ya ngono nanging aja ngono, bisa dadya kasmaran mring laku kang utama, binangun ing kalbu wening.
Sranane murih kasembadan panggelaring lelabuhan, becik kudu den nyatakake pribadi sarana andeling tekad. Kena den basakake, tan ana gunane ngelmu lamun tan krana laku, tan ana pigunane kitab wedha lamun datan pinarcaya. Sanadyan mangkono tinemune ing kasunyatan, uga tan wenang hanjagakake wohing pakarti.Tumrap kang wus pada pono mangulah gati, sakehing lelaku kang hangarep arep marang wohing pakarti iku, dadi pratanda kalamun durung temen panggayuhe. Jer lelabuhane ing kono isih kawoworan lan karoban dening hardaning rasa kemelikan kang dadi pratanda durung suci atine nganti tumeka pribadine Tembung temen ing kene dudu temene Guru utawa temene Gusti nanging temening pribadinira kang antuk pikukuhe Kang Maha Kuwasa. Dene Guru miwah Gusti amung saderma niteni cidra lan temening laku sawuse kabeh mau katemahan. Diupamaake kaya wong nandur wiji. Senadyan wiji becik, lemah kang ditanduri uga apik,lamun datan taberi jaga apadene ngupakara, sayekti banget anggone gampang tinerak ing hama.
Sayekti karahayon peparinge Gusti Kang Hakarya Jagad winengku ing karsa luhur ngemot tuntunan suci sempurnaning dumadi mangesti tunggil, minangka dadi lantaran tumurune kanugrahan hamurwani lelabuhan luhur memayu hayuning bawana karana hamemangun karya enak tyasing sesama.
1. Katiti panyerat mami, krana sekar smarandana, minangka dadi sranane , minangka panggugah rasa, kagem para sutresna, ingkang marsudi rahayu, mamayu hayu bawana
2. Bawana setra binangkit, dadi srana pangribawa, netepi laku jantrane, duh sutresna mangun rasa, wengakna atinira, tampanana aturipun, pamadyaning budi tama.
3. Besuk kapan pada prapti, marak sowan mring Pangeran, kepareng nampa kuncine, dadi manungsa utama, pangesuhing pra jalma, kang pada ngudi rahayu, karyenak tyasing sesama.
4. Sesama sameng dumadi, sesami sameng manungsa, becik kepareng sumeleh, sumarah karsaning Allah, sumadya ngesti brata, tumurune wahyunipun, panetep panata gama.
5. Agama ageming Aji, sakehing para nalendra, yekti mung titah wantahe, sakabeh pra laku tama, kang tansah ngesti tunggal, iku sayekti wong agung, aneng bumi nuswantara
6. Sawatara awak mami, mung kinarya saksinira, saksi utama uripe, senadyan ta durung priksa, kang mengku uripira, iku wajib muji syukur,
marang Allah Gustinira.
marang Allah Gustinira.
7. Gusti Ingkang Maha Asih, Gusti Kang Maha Kuwasa, netepi tresna kodrate, mring sakehing cipteng gesang, kang gumelar aneng donya, gumelar sajagad agung, nyukupi mring kabutuhan.
8. Butuh apa para jalmi, kabeh mau wus gumelar, saindenging jagad gede, gumelar sajagad raya, wrata kinaya ngapa, lestarine titah sagung, urip aneng alam donya.
9. Donya brana sawetawis, dadi lantarane pada, netepi kuwajibane, nggonira manembah Allah, sadina dinanira, lan sawengi wenginipun, netepi mring kuwajiban.
10. Wajib pada bangun nagri, katarima panembahnya, menawa wus tekeng kene, sira weruh rasanira, rasanya rasaningong, rasane wong sa jagad gung, rasane wong sabuwana
11. Bawana gung bawana lit, yekti pada tanpa beda, nadyan mung setitik bae, dene yen ta ana beda, yekti mung aneng karsa, kang kawengku laku hayu, nyukupi mring kabutuhan.
12. Kabutuhan ageng alit, gumantung marang kang nedya, memangun laku uripe, gede cilike mung katon, aneng tata gelarnya, dene aneng yektinipun, yekti pada tanpa beda
13. Kang beda anane nenggih, ingkang dadi kabutuhan, tumraping pati uripe, kanggo sangu ning dedalan, netepi kewajiban, peparing Gusti Maha Gung, mrih enak tyasing sesama.
14. Sesama sameng dumadi, ngugemana mring rasanya, bungah susah sandangane, bungahe para manungsa, susahe manungsa uga, tan ginggang nadyan sarambut, yekti mlaku reruntungan.
15. Reruntungan unda ungkih, nadyan gilir gumantinya, ngenut mring kabutuhane, bungah susah mung saderma, nyukupi kabutuhan, ngibadah marang Sang Hayu, hanetepi kuwajiban.
16. Apa wajibe wong urip, gumelar ing alam donya, sumebar sajagad gede, becik tansah emut pada, anane sira gesang, minangka dadi pangesuh, paugeraning Pangeran.
17. Pangeran wus paring wajib, heh sira para manungsa, sumujuda sira kabeh, manembah marang Hyang Manon, kang paring sira gesang, tembe wingking dadi wahyu, sempurnaning kondurira.
18. Kondur ngarsane Sang Adil, ora ngasta apa apa, kang ginawa mung amale, jroning urip aneng donya, kang yekti sawatara, kena kanggo sangunipun, mulih alam kalanggengan.
19. Langgeng datan owah gingsir, tan gotang keh amalira, uga tan wuwuh anane, jenjem cukup tanpa slewah, petungane tan salah, nadyan ta amung sarambut, iku pada den emuta.
20. Emut sajroning aurip, ing donya mung sawetara, mampir ngombe upamane, becik den elinga sira, sadhar saliring lampah, tansah lelaku ngaluhur, memangun mrih tentrem samya.
21. Samya nulad mring pribadi, maos serataning Allah, jroning nala tan bedane, pepindane surya kembar, kang hamadangi jagad, jagad alit jagad agung, sayekti datan prabeda.
22. Prabedane wong aurip, yen priksa marang kawignyan, lantip mring olah rasane, bisa ngenaki mring liyan, lan bisa weh pepadang, syukur yen paring panuntun, tumuju mring kautaman.
23. Utamane wong aurip, manjinga sajroning rasa, jejer mlaku sesamine, tansaha paring pepadang, hanggelar pangawikan, murih dunung uripipun, purwa madya lan wasana.
24. Purwaning para manungsa, tinitah urip ing donya, iku sayekti karsane, Gusti Kang Maha Kuwasa, kang paring kanugrahan, nedakna katresnanipun, memayu hayu bawana.
25. Bawana rinakit wingking, handadosna kawuningan, cinipta kagem papane, para tumitah sajuga, sakdurunge manungsa, tumedak ing donya iku, titah kang liya wus ana.
26. Sawusna pepak sakalir, nembe manungsa cinipta, pranyata purna anane, purna sempurnaning titah, datan mada manungsa, awit manungsa satuhu, ngemot citraning Pangeran.
27. Pangeran Kang Maha Asih, tansah mayungi rasanya, marma tentrem pinanggihe, sak mobah mosiking rasa, ngenut jantraning lakon, dadya karenane sampun, sempurna nggonnya ngibadah.
28. Purna ngibadahe janmi, yen sampun prapteng wancinya, marak sowan mring gustine, awit tinimbalan marak, sowan ngarsa Pangeran, tilar donya lan sedarum, mlebet alam kelanggengan.
29. Langgeng anggennya manunggil, wusnya ngagem pralampita, dumeling saking uripe, ngrasuk pawiwahan brata, mangestu tunggal jiwa, kalayan Purwaning Hayu, Gusti Purwaning Lelakon.
30. Lelakon panunggal karsi, jumbuh sajrone lelampah, memangun karya enake, manungsa jroning bebrayan, urip ing alam donya, dadya hayu kang rumuhun, alap ingalapan pedah.
31. Pedah apa mangun karsi, karyenak tyasing sesame, mertobat jroning rasane, gawe padang lan tumrawang, padang aneng paningal, kang katingal yekti amung, guyub rukun bebarengan.
32. Bebarengan kabeh sami, nulad citraning Pangeran, kang gumelar aneng kene, pratanda yen sira pada, kekasihe Pangeran, kang wus mengku budi luhur, pono wikan saliring bab.
33. Wikan samubarang kalir, sabarangreh kang gumelar, warata sajagad gede, sarehne jejering titah, among rasa bebrayan, becik den persudi mungguh, tumrape wong sabuwana.
34. Sabuwana among siji, Gusti sesembahanira, Allah Ingkang Welas Asih, katarima panyuwunnya, pada antuk sarana, nggonira darbe panyuwun, welas asih mring sesama.
35. Samapta sajroning diri, ngancik zaman kalanggengan, tata tata sakabehe, gawenen tentrem ing gesang, wiwit ing alam donya, wiwitana kanti twajuh, gawe enake bebrayan.
36. Den bebraya samukawis, marang sakehing lelampah, murih enteng junjungane, lelakone pra manungsa, keparenge Pangeran, nganggo dasar tresna laku, hanindakna manjing rasa.
37. Rasa Jati mengku karsi, mujudake kasampurnan, kang dadi cipta jatine, ciptane pinanggih mulya, donya tumekeng mbenjang, sayekti lamun wus kondur, dateng alam kalanggengan
38. Langgeng datan owah gingsir, sajrone bebrayan gesang, rina wengi mrih purnane, anggon ngemban dawuh Allah, murih tentreming jagad, rahayu sabuwana gung, rahayu kabeh kang gesang.
39. Sangkan Paraning Dumadi, purwaning sira dumados, kagelar urip ing kene, becik sigra prayitna, hanampani nugraha, kang tedake saben dalu, wahyu pambukeng warana,
40. Warana binukeng titi, wus tumeka ing wancinya, sastra piwulangreh wenteh, wus terwaca panyeratnya, dedalane agesang , wus manunggal budi luhur, aneng rasa jatinira.
Mustikaning bebrayan yekti kapirsan saka anggone mbudi daya panunggaling cipta rasa lan karsa saiyeg saeka praya saiyeg saeka kapti hambangun Padaleman Suci aneng sajroning kalbu weninge sagung dumadi lan iya krana mangkono dadi lelantaran tumurune kanugrahan Pangeran marang para jalma manungsa kang yekti katingal saka anggone pada urip rahayu wilujeng tentrem mong kinemong ing samukawis langgeng tumeka aneng zaman kalanggengan.
Nyai Ageng Bagelen
Nyai Ageng Bagelen
Carios Nyai Ageng Bagelen
Nderek carios legendaries Nyai Ageng
Bagelen punika cikal bakalipun tiyang-tiyang trah Bagelen, Nyai Ageng Bagelen
punika sajatosipun asma aslinipun Rara Wetan, piyambakipun satunggaling Kenya
ingkang sulistya ing warni, wasis nenun, remen ulah tetanen sarta remen
nglampahi tapa brata, piyambakipun putranipun salah satunggaling tokoh kondang
ing kukuban Bagelen ingkang asma Jaka Panuntun.
Kacarios Jaka Panuntun punika putranipun
Raden Panularan salah satunggaling jagal lan ahli nderes nira, Raden Panularan
putranipun Prabu Kandihawa saking negari Karipan, dene Prabu Kandihawa punika
putranipun Prabu Daniswara saking Negari Medhangkamulan, dados Rara Wetan
makaten sejatosipun pancen taksih tedhak turunipun ngaluhur.
Kathah jejaka ingkang sami kayungyun
dhateng kasulistyanin Rara Wetan, lan kepengin mengku, Tumenggung Wingko salah
satunggaling panguwaos ing kukuban Wingko kepranan sanget dhateng sang Rara,
pramila lajeng utusan supados nglamar, namung panglamaripun katampik dening
ingkang rama Jaka Panuntun kanthi pawadan bilih Rara Wetan dereng remen
emah-emah, Tumenggung Wingko boten narimahaken pramila kanthi dhedemitan Rara
Wetan lajeng kadhusta kabekta dhateng Wingko.
Sinareng prikso bilih Rara Wetan kadhusta,
Jaka Panuntun tumunten mbujeng Tumenggung Wingko sainggo dados pancakara, ing
salebetipun pancakara wau Jaka Panuntun kasoran, kuwandanipun kontal lan
kantaka, kakinten Jaka Panuntun sampun tiwas, mila lajeng kabucal ing lepen
lereng ingkang rikala semanten pinuju bena, kuwanda keli katut ilining toya.
Jaka Awu-awu Langit kaliyan Adipati
Kayumunthu wekdal samanten nitih baita saking arah kidul, pirsa wonten kuwandha
keli lajeng enggal-enggal paring pitulungan, ing wusana kuwandanipun Jaka
Panuntun saged waluyajati, Jaka Panuntun lajeng nyariosaken sedaya
lelampahanipun dhateng Jaka Awu-awu langit saha Adipati Kayumunthu.
Mireng carios punika, Jaka Awu-awu Langit
lajeng kagungan ada-ada badhe nglurug dhateng Tumenggung Wingko ingkang murang
tata. Kacarios Tumenggung Wingko punika pancen sakalangkung sekti, mila
panglurugipun Jaka Awu-awu Langit boten sawantah, nanging mawi siasat,
ethok-ethokipun ngajak-ajak aben sawung, ing babak kapisan dereng katingal
menang kawonipun, sawungipun Jaka Awu-awu Langit punika jalunipun sakalangkung
landhep, kacarios landheping jalu wau nepak ing sela ingkang kapancal, sela
kasepat sapunika kasimpen wonten ing salebeting desa Awu-awu, sasampunipun
lerem sawatawis, lajeng kawiwitan babak kaping kalih, ing babak punika swasana
tetandhingan katingal sangsaya rame, ingkang sami ningali rintip tepung mubeng,
rikala pinuju gayeng-gayenging kawontenen wau, Jaka Awu-awu Langit nyerang
dadakan dhateng tumenggung Wingko, wusana Tumenggung Wingko manggih tiwas,
jalaran sami mboten sumadiya para balanipun inggih sampun boten saget lumawan,
Rara Wetan lajeng kapendhet dening Jaka Awu-awu Langit tumunten kakonduraken
dhateng Bagelen.
Jaka Panuntun rumaos kapotangan budi
dhateng Jaka Awu-awu Langit, pramila Rara Wetan lajeng kapalakramakaken kaliyan
Jaka Awu-awu Langit kekalihipun sami gesang atut-runtut, sih-sinisihan,
sasampunipun palakrami, Rara Wetan lajeng langkung kondhang mawi sebatan Nyai
Ageng Bagelen.
Bebrayanipun nem-neman kekalih wau
gesangipun katingal bagya mulya, saya sasampunipun kaparingan putra cacah 3,
ingkang pambayun miyos kakung kaparingan nama Bagus Gentho, ingkang panggulu
putrid kaparingan tenger Rara Pitrah, lan ingkang waruju ugi putrid kaparingan
nama Rara Taker.
Kacariyos Nyai Ageng Bagelen punika
prembayunipun ( payudara ) panjang, manawi pinuju nenun asring kasampiraken
mewingking, papatan manawi putranipun badhe nyesep, namung sami ngenyot
prembayunipun ingkang ibu saking wingking, pinuju taksih
nyrempeng-nyrempengipun nenun, prembayunipun Nyai Ageng Bagelen kaemot pedhet
cemeng ingah-ingahipun Bagus Gentho saking wingking, rumaosipun Nyai Ageng
ingkang nyesep punika putranipun, pramila dipun kendelaken kemawon, nanging
danguning dangu kok kraosbenten, tumunten dipun toleh, saiba kejotipun bilih
priksa manawi ingkang nyesep wiwit wau punika pedhet cemeng, pedhet tumunten
dipun penthungi ngantos pejah.
Jarwan Mardika saking
Buku Nyai Ageng Bagelen
Ngakoni Kaluputan
Ngakoni kaluputan iku ora ateges ngasorake dhiri. Nanging sawijining tandha yekti yen wong mau wis bisa kinaranan maju satindak ing laku kautaman. Kosokbaline sapa kang suthik ngrumangsani kaluputane, ateges wong kang ora nduweni budi pekerti. Wong kang ora nduweni donya brana iku sinebut mlarat. Wóng kang ora nduweni pikiran iku luwih mlarat. Dene wong sing ora kadunungan budi pekerti mono klebu mlarat-mlarate wong.
Sing sapa rumangsa nduweni kaluputan, aja isin ngowahi kaluputan sing wis kadhung katindakake mau. Jer ngakoni kaluputan mono wis cetha dudu tindak kang asor, nanging malah nuduhake marang pakarti kang utama kang ora gampang linakonan dening sadhengah wong. Iya wong kang wis bisa nduweni watak gelem ngakoni kaluputane mangkene iki pantes sinebut wong kang jujur sarta kasinungan ing budi luhur.
Batine wong kang bisa ndarbeni ati nriman iku tansah ayem lan tentrem, marga satingkah laku tansah linambaran keyakinan kang kandel marang kadar peparinge Pangeran. Nriman ora teges wis marem apa anane, nanging suwalike kepara malah sungkan meneng. Mung bae ora grusa-grusu kaya tumindake wong kang nduweni sipat ngangsa-angsa kaya ora gelem ngakoni karang anane pandum.
Para maos lan sutrisna budaya Jawi sumangga sami-sami dipun onceki ing bathosipun piyambak-piyambak suraosipun tembang sekar macapat “Ngakoni Kaluputan” sinawung ing dhandhanggula ing ngandhap punika sinambi ngleremaken rasa lan raga ing wayah ratri, mugya saged damel jampi sayah. Nuwun.
DHANDHANGGULA
1. rarasing reh kaarah mrih manis
den peng dera amedhar wasita
mastutyeng rehnya pra moncer
ngaliling kyeh pituduh
berawane bangkit dumeling
idhep kedhepa marang
kartitama luhung
tabet tilase ywa telas
dumugia salami murih arjanti
tatane kasusilan
2. drenging driya andarung mawredi
amengeti dedeling kaardan
kang wus kontap kamurkane
keni lamun sinebut
bebete mung lupa kepati
patrape murang tata
titine suwung blung
mung umbag gumunggung dahat
ngegungake agenging kang surasekti
prawira widigdaya
3. sugih aji jaya wijayanti
sanggyaning kang dewa Suralaya
mlayu tandhing lan dheweke
kawawas samya kawus
wose kasor guna lan sekti
nanging duk ayun lena
lana tyase ayu
rumasa ywan dahat lepat
tingkahe kang wus kalakyan wingi nguni
tarlen mung borong angga
4. iku keni kinarya palupi
lepiyane watak lir mangkana
tyas utama tumaneme
dhuh babo anak putu
anyandhia wasita jati
jantranireng wardaya
kalamun wus luput
angakua tetep lepat
aywa ngeyel nayal-nayal lir nir budi
dadi wong ambeg nistha
5. nguthuh kether tar wrin bener becik
cak-cakane mung nasar belasar
bakal asor temahane
beda kang tyas rahayu
mung ngakoni luputing dhiri
tan selak tan suminggah
mungguhing wong idhup
kudu idhep ngedhep marang
rerangkene sakyehning wasita yogi
prayoga ywa pepeka
6. pepakeme mangkya den ungkabi
angken ingkang ruwiya duk purwa
risang Subali Pamase
narendrambeg dibyanung
ing Kiskendhaguwa winarni
duk sirarsa pralaya
kataman ing tembung
tetambang pangundhamana
myang den undhat-undhat ing narendra lewih
Prabu Ramawijaya
7. pan mangkana dhawuhe sang aji
heh pantes yen sira wre candhala
mamak murang krama bae
tan wruh mring ala ayu
ingsun manah mring sira iki
tan bakal nemu papa
jer ingkang sinebut
jati-jatining satriya
kang utama tumanem wrin ala becik
kang sun nut tepa-tepa
8. nora dosa ingsun amateni
marang sira wre durta angkara
sumurupa heh wre kowe
kabeh jroning wana gung
ingkang nedya babo mlarati
lan nedya laku ala
mring titah sawegung
yekti sun pateni padha
iya kabeh pakewuh jroning wanadri
sun buru ingsun kala
9. sun susugi ya ingsun pikati
tapisa pra durmalaning jagad
lawan ingsun uwis suwe
myarsa terang kalamun
sira tetep wanara juti
nistha tar parikrama
Sugriwa adhimu
teka sira tegel tega
angalani sira misahaken nguni
Sugriwa lan swaminya
10. Dewi Tara tandya sira ambil
sira alap dadi bojonira
lah iku tetep sira wre
anindaki nalutuh
sira pancen durtaning bumi
nihan wau duk myarsa
Subali Sang Prabu
mring dhawuhe Prabu Rama
kathik mathuk uninganira sayekti
meneng angungun dahat
11. sigra nembah-nembah wus meh lalis
mempis-mempis wedharing suwara
heh Rama tuhu sira yen
kembanging bumi luhung
lah matia Subali iki
gelah-gelahing jagad
dhuh babo adhiku
Sugriwa suka tyas ingwang
miwah sukur dene sira den asihi
mring Dasarataputra
12. kang wus sasat bathara linuwih
ingsun yayi andhingini ruwat
lah saka warnaningsun wre
ing besuk iya kumpul
tunggal enggenira lamlami
yen wus padha rinuwat
ing jawata besuk
ingsun kang keliwat ala
wus pasthining bathara ingsun prang tandhing
lawan kadang priyôngga
13. sira antuk pahala sayekti
dene nora bebarengan ruwat
kalawan kakangmu kiye
ingkang dhingini ingsun
anampani sihing dewa di
sira yogya milua
karyaning dewa nung
sawusira amitungkas
Sang Prabu Subali ngulungaken aglis
kembang mas mring Sugriwa
14. ingkang aneng janggane Subali
Sang Sugriwa anampani sigra
kinalungken ing janggane
wau Subali Prabu
dyan aniba lulus alalis
cinatur antuk swarga
ya ta kang winuwus
kag kari bala wanara
santana wre samya nembah mring Subali
kang wus prapteng pralaya
15. wangke tinrap neng pancaka nuli
tinunu wus sirna tan kawuryan
mangkana Sugriwa reke
sumilih dadya ratu
akadhaton Kiskendha nguni
kang yasa Sri Narendra
Mesasura Prabu
wong agung dwi kaaturan
mring jro pura sakalangkung gengireng sih
wau Narpa Sugriwa
16. dahat wimbuh-wimbuhnireng bekti
marang Sang Prabu Ramawijaya
datatita wuryaning reh
babo baya wus cukup
cekak cakep kinarya peling
ring sanggya para mudha
kang nedheng kelimput
muput luput kridhaning tyas
den andhadha dhadhagi andheging sisip
ywa ngeyel nayal-nayal
17. pratingkah basa kyehning sujanmi
kang wus ngaku ngengkoki mring lepat
tetep wus jembar kawruhe
myang alus budinipuni
janma ingkang alus ing budi
sawastu kang cinipta
mung ambeg rahayu
kanthi yitna lan waspada
saunggyane mung basuki kang pinanggih
ywa maido ing driya
Langganan:
Postingan (Atom)