Nyai Ageng Bagelen
Carios Nyai Ageng Bagelen
Nderek carios legendaries Nyai Ageng
Bagelen punika cikal bakalipun tiyang-tiyang trah Bagelen, Nyai Ageng Bagelen
punika sajatosipun asma aslinipun Rara Wetan, piyambakipun satunggaling Kenya
ingkang sulistya ing warni, wasis nenun, remen ulah tetanen sarta remen
nglampahi tapa brata, piyambakipun putranipun salah satunggaling tokoh kondang
ing kukuban Bagelen ingkang asma Jaka Panuntun.
Kacarios Jaka Panuntun punika putranipun
Raden Panularan salah satunggaling jagal lan ahli nderes nira, Raden Panularan
putranipun Prabu Kandihawa saking negari Karipan, dene Prabu Kandihawa punika
putranipun Prabu Daniswara saking Negari Medhangkamulan, dados Rara Wetan
makaten sejatosipun pancen taksih tedhak turunipun ngaluhur.
Kathah jejaka ingkang sami kayungyun
dhateng kasulistyanin Rara Wetan, lan kepengin mengku, Tumenggung Wingko salah
satunggaling panguwaos ing kukuban Wingko kepranan sanget dhateng sang Rara,
pramila lajeng utusan supados nglamar, namung panglamaripun katampik dening
ingkang rama Jaka Panuntun kanthi pawadan bilih Rara Wetan dereng remen
emah-emah, Tumenggung Wingko boten narimahaken pramila kanthi dhedemitan Rara
Wetan lajeng kadhusta kabekta dhateng Wingko.
Sinareng prikso bilih Rara Wetan kadhusta,
Jaka Panuntun tumunten mbujeng Tumenggung Wingko sainggo dados pancakara, ing
salebetipun pancakara wau Jaka Panuntun kasoran, kuwandanipun kontal lan
kantaka, kakinten Jaka Panuntun sampun tiwas, mila lajeng kabucal ing lepen
lereng ingkang rikala semanten pinuju bena, kuwanda keli katut ilining toya.
Jaka Awu-awu Langit kaliyan Adipati
Kayumunthu wekdal samanten nitih baita saking arah kidul, pirsa wonten kuwandha
keli lajeng enggal-enggal paring pitulungan, ing wusana kuwandanipun Jaka
Panuntun saged waluyajati, Jaka Panuntun lajeng nyariosaken sedaya
lelampahanipun dhateng Jaka Awu-awu langit saha Adipati Kayumunthu.
Mireng carios punika, Jaka Awu-awu Langit
lajeng kagungan ada-ada badhe nglurug dhateng Tumenggung Wingko ingkang murang
tata. Kacarios Tumenggung Wingko punika pancen sakalangkung sekti, mila
panglurugipun Jaka Awu-awu Langit boten sawantah, nanging mawi siasat,
ethok-ethokipun ngajak-ajak aben sawung, ing babak kapisan dereng katingal
menang kawonipun, sawungipun Jaka Awu-awu Langit punika jalunipun sakalangkung
landhep, kacarios landheping jalu wau nepak ing sela ingkang kapancal, sela
kasepat sapunika kasimpen wonten ing salebeting desa Awu-awu, sasampunipun
lerem sawatawis, lajeng kawiwitan babak kaping kalih, ing babak punika swasana
tetandhingan katingal sangsaya rame, ingkang sami ningali rintip tepung mubeng,
rikala pinuju gayeng-gayenging kawontenen wau, Jaka Awu-awu Langit nyerang
dadakan dhateng tumenggung Wingko, wusana Tumenggung Wingko manggih tiwas,
jalaran sami mboten sumadiya para balanipun inggih sampun boten saget lumawan,
Rara Wetan lajeng kapendhet dening Jaka Awu-awu Langit tumunten kakonduraken
dhateng Bagelen.
Jaka Panuntun rumaos kapotangan budi
dhateng Jaka Awu-awu Langit, pramila Rara Wetan lajeng kapalakramakaken kaliyan
Jaka Awu-awu Langit kekalihipun sami gesang atut-runtut, sih-sinisihan,
sasampunipun palakrami, Rara Wetan lajeng langkung kondhang mawi sebatan Nyai
Ageng Bagelen.
Bebrayanipun nem-neman kekalih wau
gesangipun katingal bagya mulya, saya sasampunipun kaparingan putra cacah 3,
ingkang pambayun miyos kakung kaparingan nama Bagus Gentho, ingkang panggulu
putrid kaparingan tenger Rara Pitrah, lan ingkang waruju ugi putrid kaparingan
nama Rara Taker.
Kacariyos Nyai Ageng Bagelen punika
prembayunipun ( payudara ) panjang, manawi pinuju nenun asring kasampiraken
mewingking, papatan manawi putranipun badhe nyesep, namung sami ngenyot
prembayunipun ingkang ibu saking wingking, pinuju taksih
nyrempeng-nyrempengipun nenun, prembayunipun Nyai Ageng Bagelen kaemot pedhet
cemeng ingah-ingahipun Bagus Gentho saking wingking, rumaosipun Nyai Ageng
ingkang nyesep punika putranipun, pramila dipun kendelaken kemawon, nanging
danguning dangu kok kraosbenten, tumunten dipun toleh, saiba kejotipun bilih
priksa manawi ingkang nyesep wiwit wau punika pedhet cemeng, pedhet tumunten
dipun penthungi ngantos pejah.
Jarwan Mardika saking
Buku Nyai Ageng Bagelen
Tidak ada komentar:
Posting Komentar