Ngakoni Kaluputan
Ngakoni kaluputan iku ora ateges ngasorake dhiri. Nanging sawijining tandha yekti yen wong mau wis bisa kinaranan maju satindak ing laku kautaman. Kosokbaline sapa kang suthik ngrumangsani kaluputane, ateges wong kang ora nduweni budi pekerti. Wong kang ora nduweni donya brana iku sinebut mlarat. Wóng kang ora nduweni pikiran iku luwih mlarat. Dene wong sing ora kadunungan budi pekerti mono klebu mlarat-mlarate wong.
Sing sapa rumangsa nduweni kaluputan, aja isin ngowahi kaluputan sing wis kadhung katindakake mau. Jer ngakoni kaluputan mono wis cetha dudu tindak kang asor, nanging malah nuduhake marang pakarti kang utama kang ora gampang linakonan dening sadhengah wong. Iya wong kang wis bisa nduweni watak gelem ngakoni kaluputane mangkene iki pantes sinebut wong kang jujur sarta kasinungan ing budi luhur.
Batine wong kang bisa ndarbeni ati nriman iku tansah ayem lan tentrem, marga satingkah laku tansah linambaran keyakinan kang kandel marang kadar peparinge Pangeran. Nriman ora teges wis marem apa anane, nanging suwalike kepara malah sungkan meneng. Mung bae ora grusa-grusu kaya tumindake wong kang nduweni sipat ngangsa-angsa kaya ora gelem ngakoni karang anane pandum.
Para maos lan sutrisna budaya Jawi sumangga sami-sami dipun onceki ing bathosipun piyambak-piyambak suraosipun tembang sekar macapat “Ngakoni Kaluputan” sinawung ing dhandhanggula ing ngandhap punika sinambi ngleremaken rasa lan raga ing wayah ratri, mugya saged damel jampi sayah. Nuwun.
DHANDHANGGULA
1. rarasing reh kaarah mrih manis
den peng dera amedhar wasita
mastutyeng rehnya pra moncer
ngaliling kyeh pituduh
berawane bangkit dumeling
idhep kedhepa marang
kartitama luhung
tabet tilase ywa telas
dumugia salami murih arjanti
tatane kasusilan
2. drenging driya andarung mawredi
amengeti dedeling kaardan
kang wus kontap kamurkane
keni lamun sinebut
bebete mung lupa kepati
patrape murang tata
titine suwung blung
mung umbag gumunggung dahat
ngegungake agenging kang surasekti
prawira widigdaya
3. sugih aji jaya wijayanti
sanggyaning kang dewa Suralaya
mlayu tandhing lan dheweke
kawawas samya kawus
wose kasor guna lan sekti
nanging duk ayun lena
lana tyase ayu
rumasa ywan dahat lepat
tingkahe kang wus kalakyan wingi nguni
tarlen mung borong angga
4. iku keni kinarya palupi
lepiyane watak lir mangkana
tyas utama tumaneme
dhuh babo anak putu
anyandhia wasita jati
jantranireng wardaya
kalamun wus luput
angakua tetep lepat
aywa ngeyel nayal-nayal lir nir budi
dadi wong ambeg nistha
5. nguthuh kether tar wrin bener becik
cak-cakane mung nasar belasar
bakal asor temahane
beda kang tyas rahayu
mung ngakoni luputing dhiri
tan selak tan suminggah
mungguhing wong idhup
kudu idhep ngedhep marang
rerangkene sakyehning wasita yogi
prayoga ywa pepeka
6. pepakeme mangkya den ungkabi
angken ingkang ruwiya duk purwa
risang Subali Pamase
narendrambeg dibyanung
ing Kiskendhaguwa winarni
duk sirarsa pralaya
kataman ing tembung
tetambang pangundhamana
myang den undhat-undhat ing narendra lewih
Prabu Ramawijaya
7. pan mangkana dhawuhe sang aji
heh pantes yen sira wre candhala
mamak murang krama bae
tan wruh mring ala ayu
ingsun manah mring sira iki
tan bakal nemu papa
jer ingkang sinebut
jati-jatining satriya
kang utama tumanem wrin ala becik
kang sun nut tepa-tepa
8. nora dosa ingsun amateni
marang sira wre durta angkara
sumurupa heh wre kowe
kabeh jroning wana gung
ingkang nedya babo mlarati
lan nedya laku ala
mring titah sawegung
yekti sun pateni padha
iya kabeh pakewuh jroning wanadri
sun buru ingsun kala
9. sun susugi ya ingsun pikati
tapisa pra durmalaning jagad
lawan ingsun uwis suwe
myarsa terang kalamun
sira tetep wanara juti
nistha tar parikrama
Sugriwa adhimu
teka sira tegel tega
angalani sira misahaken nguni
Sugriwa lan swaminya
10. Dewi Tara tandya sira ambil
sira alap dadi bojonira
lah iku tetep sira wre
anindaki nalutuh
sira pancen durtaning bumi
nihan wau duk myarsa
Subali Sang Prabu
mring dhawuhe Prabu Rama
kathik mathuk uninganira sayekti
meneng angungun dahat
11. sigra nembah-nembah wus meh lalis
mempis-mempis wedharing suwara
heh Rama tuhu sira yen
kembanging bumi luhung
lah matia Subali iki
gelah-gelahing jagad
dhuh babo adhiku
Sugriwa suka tyas ingwang
miwah sukur dene sira den asihi
mring Dasarataputra
12. kang wus sasat bathara linuwih
ingsun yayi andhingini ruwat
lah saka warnaningsun wre
ing besuk iya kumpul
tunggal enggenira lamlami
yen wus padha rinuwat
ing jawata besuk
ingsun kang keliwat ala
wus pasthining bathara ingsun prang tandhing
lawan kadang priyôngga
13. sira antuk pahala sayekti
dene nora bebarengan ruwat
kalawan kakangmu kiye
ingkang dhingini ingsun
anampani sihing dewa di
sira yogya milua
karyaning dewa nung
sawusira amitungkas
Sang Prabu Subali ngulungaken aglis
kembang mas mring Sugriwa
14. ingkang aneng janggane Subali
Sang Sugriwa anampani sigra
kinalungken ing janggane
wau Subali Prabu
dyan aniba lulus alalis
cinatur antuk swarga
ya ta kang winuwus
kag kari bala wanara
santana wre samya nembah mring Subali
kang wus prapteng pralaya
15. wangke tinrap neng pancaka nuli
tinunu wus sirna tan kawuryan
mangkana Sugriwa reke
sumilih dadya ratu
akadhaton Kiskendha nguni
kang yasa Sri Narendra
Mesasura Prabu
wong agung dwi kaaturan
mring jro pura sakalangkung gengireng sih
wau Narpa Sugriwa
16. dahat wimbuh-wimbuhnireng bekti
marang Sang Prabu Ramawijaya
datatita wuryaning reh
babo baya wus cukup
cekak cakep kinarya peling
ring sanggya para mudha
kang nedheng kelimput
muput luput kridhaning tyas
den andhadha dhadhagi andheging sisip
ywa ngeyel nayal-nayal
17. pratingkah basa kyehning sujanmi
kang wus ngaku ngengkoki mring lepat
tetep wus jembar kawruhe
myang alus budinipuni
janma ingkang alus ing budi
sawastu kang cinipta
mung ambeg rahayu
kanthi yitna lan waspada
saunggyane mung basuki kang pinanggih
ywa maido ing driya
Tidak ada komentar:
Posting Komentar