Minggu, 31 Januari 2016

Wangsalan

Jenang gula, kowe aja lali marang aku.

Sowan kula ing ngriki namung angebun-ebun enjang anjejawah sonten.

Njanur gunung, esuk-esuk kowe wis teka mrene.

Kolik priya, priyagung Anjani putra.
Tuhu eman wong anom wedi kangelan.


Wangsalan yaiku tetembungan utawa ukara saemper cangkriman, nanging batangane wis ana ing perangan burine, mung dicangking sawanda utawa luwih.

Tuladha ing dhuwur yen diudhal kaya mangkene :

1. Jenang gula iku batangane glali. Ing ukara saburine ana tembung lali. Tembung lali njupuk wandane glali (wanda pungkasan batangane jenang gula).

2. Angebun-ebun enjang batangane nyuwun, bun esuk arane awun-awun. Jawah sonten batangane rabi, udan ing wektu sore jenenge rarabi. Maksude lugu nyuwun rabi.

3. Njanur gunung batangane kadingaren. Janure wit aren jenenge kadi.

4. Kolik priya batangane tuhu, manuk kolik iku wadon yeng lanang arane tuhu. Putrane Dewi Anjani batangane Anoman mulane ana tembung wong anom.


Tuladha liyane:

1. Aja rame-rame wonge lagi mbabon kirik.(babon kirik = asu, batangane nesu).
2. Jenang sela wader kalen sesonderan, apuranta yen wonten lepat kawula. (Jenang sela = apu, wader kalen = sepat)3. Babal bunder manglung kali, Lho, patrapmu kok kaya mangkono !. (Babal bunder =elo).
4. Mbok aja njangan gori, ethok-ethok ora krungu! (Jangan gori = gudheg)
5. Bayem arda, ardane ngrasuk busana, mari anteng besuse saya katara. (bayem arda =lateng, ardane ngrasuk busana = besus)
6. Mina galak ing samodra, bacutna gunemmu Kang Gareng.(mina galak ing samodra =iwak cucut)
7. Petis manis, ngucapna tembung sing manis.(petis manis = kecap)8Bareng macak sliramu katon mandhan rawa.(pandhan rawa = wlingi)9. Pring dhempet, kowe teka mrene kok ara kandha-kandha !. (pring dhempet = andha)10. Dom jala, coba aku kandhanana ! (dom jala = coba)11. Bremara wismeng bantala, kawula badhe caos atur(bremara wismeng bantala = tawon tutur, bremara = kombang )12. Sayeng kaga kaga kresna mangsa sawa, wong susila lagake anuju prana. (sayengkaga = kala, kaga kresna mangsa sawa = manuk gagak)13. Sri Maha Jawata katong, andaka wulune rekta, jroning nendra gung kaepi.(Ratunepara jawata = Bathara Endra, andaka wulune rekta = sapi )14. Carang wreksa kawi wuwus, panggya andika kusuma. (carang wreksa = pang , wuwus = tembung kawi ngendika)15. Kepiting kang sobeng rawa, nguswaraganta wong ayu. (Kepiting kang saba ana ing rawa = yuyu)16. Bale nata rondon pari, paran margane wak mami. (bale nata = pagelaran, rondon pari = dami)17. Cecangkok wohing kalapa, ugemana kang dadi pathoking urip. (Cangkok kalapa = bathok )18. Carang wreksa, nora gampang wong mengku nagara(Carang wreksa = pang)
19. Baligo amba godhonge, 
kudu santoseng kalbu. (baligo amba godhonge = labu)
20. Tengareng prang, andheging riris, 
kudu teteg lan kudu terang ing pikir. (tengaraperang = keteg , andeging riris (mandhege udan) = terang )



Wangsalan ing tembang.

Serat Rerepen anggitan KGPAA Mangkunagara IV

Pangkur

1.
Jirak pindha munggwing wana (1),
sayeng kaga (2) we rekta kang muroni (3),
nyenyambi kalaning nganggur,
wastra tumrap mustaka (4),
pengikete wangsalan kang sekar pangkur,
baon sabin ing nawala (5),
kinarya langen pribadi.

2.
Senthe lit sasaneng arga (6),
lenging roga (7) mina kinarya dhesti (8),
nglelejar lajering wuyung,
sikatan bang ngrembaka (9),
pinisuka kasukan saananipun,
wimbaning kang candrawela (10),
mrih purna pranaweng kapti.

3.
Sarkara drawa linama (11)
gelang sweda (12) kramane marah siwi (13)
ilang laliyeng wulangun,
mundhu lit dhaonira (14),
lumeketing kayuwananireng kayun,
parab madyaning Pandhawa (15),
sarjua arjaning dhiri,

4.
Singgang gung kang piniyara (16),
mardi siswa (17) kakawinireng estri (18),
wineh winulangken wadu,
peputhut mong Pregiwa (19),
kang sumewa pasewakaning kalangun,
pangrantamaning pradangga (20),
sesendhonan genti-genti,

5.
Wicara tanpa karana (21),
bebasane janma nunggal sapanti (22),
ngayawara tanpa dunung,
sampang panggilap wreksa (23),
peprenesan linaras resmining kayun,
narmada lit ngalang marga (24),
tan liya amung ngrerepi.


Batangane :
1. Kesambi.
2. Kala.
3. Anggur.
4. Iket.
5. Karya . Sawah 1 karya = 4 bau.
6. Kajar.
7. Tlanjer.
8. Iwak dhuyung.
9. Kembang soka.
10. Purnama.
11. Kilang.
12. Ali-ali.
13. Mulang.
14. Claket.
15. Arjuna.
16. Winih.
17. Mulang.
18. Wadu.
19. Cantrik Janaloka.
20. Sendhon.
21. Ngayawara.
22. Dunung.
23. Prenis.
24. Kali.

Wangsalan Sinawung Ing Tembang

BAWA NGUSWARAGA

Sri Mahajawata katong, (1)
Andaka wulune rekta,(2)
Jroning nendra gung kaepi,
Boja reksa (3) kawi wuwus,(4)
Panggya andika kusuma,
Bale nata (5) rondon pari,(6)
Paran margane wak mami,
Kepiting kang sobeng rawa (7)
Nguswaraganta wong ayu.


Tembang ing dhuwur iku lumrahe kanggo mbawani Gendhing Perkutut Manggung. Wujude wangsalan. Batangane cangkriman ing dhuwur :

1. Bathara Endra = nendra.
2. Sapi = kaepi.
3. Pangan = panggya
4. Ngendika = andika
5. Pagelaran = paran
6. Dami = wak mami.
7. Yuyu = wong ayu.

Tegese tembung :

katong = ratu, raja, narendra,narpa, narapati, naradipa, naradipati,sri bupati, narpati, nareswara, naranata, aji, pamasa, pamase
andaka = banteng
rekta = abang
nendra = turu, ngimpi
kaepi = kepi-kepi, tansah katon-katonen
boja = pangan
wreksa = kayu.
wuwus = ucap, ujar
kusuma = kembang, sekar, padma, puspa, puspita
bale nata = pagelaran
rondon = godhong
paran = menyang endi
marga = dalan
wak mami = awak mami, aku
nguswa = ngaras
raganta = raga + anta = awakmu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar