Minggu, 31 Januari 2016

Wangsalan

Jenang gula, kowe aja lali marang aku.

Sowan kula ing ngriki namung angebun-ebun enjang anjejawah sonten.

Njanur gunung, esuk-esuk kowe wis teka mrene.

Kolik priya, priyagung Anjani putra.
Tuhu eman wong anom wedi kangelan.


Wangsalan yaiku tetembungan utawa ukara saemper cangkriman, nanging batangane wis ana ing perangan burine, mung dicangking sawanda utawa luwih.

Tuladha ing dhuwur yen diudhal kaya mangkene :

1. Jenang gula iku batangane glali. Ing ukara saburine ana tembung lali. Tembung lali njupuk wandane glali (wanda pungkasan batangane jenang gula).

2. Angebun-ebun enjang batangane nyuwun, bun esuk arane awun-awun. Jawah sonten batangane rabi, udan ing wektu sore jenenge rarabi. Maksude lugu nyuwun rabi.

3. Njanur gunung batangane kadingaren. Janure wit aren jenenge kadi.

4. Kolik priya batangane tuhu, manuk kolik iku wadon yeng lanang arane tuhu. Putrane Dewi Anjani batangane Anoman mulane ana tembung wong anom.


Tuladha liyane:

1. Aja rame-rame wonge lagi mbabon kirik.(babon kirik = asu, batangane nesu).
2. Jenang sela wader kalen sesonderan, apuranta yen wonten lepat kawula. (Jenang sela = apu, wader kalen = sepat)3. Babal bunder manglung kali, Lho, patrapmu kok kaya mangkono !. (Babal bunder =elo).
4. Mbok aja njangan gori, ethok-ethok ora krungu! (Jangan gori = gudheg)
5. Bayem arda, ardane ngrasuk busana, mari anteng besuse saya katara. (bayem arda =lateng, ardane ngrasuk busana = besus)
6. Mina galak ing samodra, bacutna gunemmu Kang Gareng.(mina galak ing samodra =iwak cucut)
7. Petis manis, ngucapna tembung sing manis.(petis manis = kecap)8Bareng macak sliramu katon mandhan rawa.(pandhan rawa = wlingi)9. Pring dhempet, kowe teka mrene kok ara kandha-kandha !. (pring dhempet = andha)10. Dom jala, coba aku kandhanana ! (dom jala = coba)11. Bremara wismeng bantala, kawula badhe caos atur(bremara wismeng bantala = tawon tutur, bremara = kombang )12. Sayeng kaga kaga kresna mangsa sawa, wong susila lagake anuju prana. (sayengkaga = kala, kaga kresna mangsa sawa = manuk gagak)13. Sri Maha Jawata katong, andaka wulune rekta, jroning nendra gung kaepi.(Ratunepara jawata = Bathara Endra, andaka wulune rekta = sapi )14. Carang wreksa kawi wuwus, panggya andika kusuma. (carang wreksa = pang , wuwus = tembung kawi ngendika)15. Kepiting kang sobeng rawa, nguswaraganta wong ayu. (Kepiting kang saba ana ing rawa = yuyu)16. Bale nata rondon pari, paran margane wak mami. (bale nata = pagelaran, rondon pari = dami)17. Cecangkok wohing kalapa, ugemana kang dadi pathoking urip. (Cangkok kalapa = bathok )18. Carang wreksa, nora gampang wong mengku nagara(Carang wreksa = pang)
19. Baligo amba godhonge, 
kudu santoseng kalbu. (baligo amba godhonge = labu)
20. Tengareng prang, andheging riris, 
kudu teteg lan kudu terang ing pikir. (tengaraperang = keteg , andeging riris (mandhege udan) = terang )



Wangsalan ing tembang.

Serat Rerepen anggitan KGPAA Mangkunagara IV

Pangkur

1.
Jirak pindha munggwing wana (1),
sayeng kaga (2) we rekta kang muroni (3),
nyenyambi kalaning nganggur,
wastra tumrap mustaka (4),
pengikete wangsalan kang sekar pangkur,
baon sabin ing nawala (5),
kinarya langen pribadi.

2.
Senthe lit sasaneng arga (6),
lenging roga (7) mina kinarya dhesti (8),
nglelejar lajering wuyung,
sikatan bang ngrembaka (9),
pinisuka kasukan saananipun,
wimbaning kang candrawela (10),
mrih purna pranaweng kapti.

3.
Sarkara drawa linama (11)
gelang sweda (12) kramane marah siwi (13)
ilang laliyeng wulangun,
mundhu lit dhaonira (14),
lumeketing kayuwananireng kayun,
parab madyaning Pandhawa (15),
sarjua arjaning dhiri,

4.
Singgang gung kang piniyara (16),
mardi siswa (17) kakawinireng estri (18),
wineh winulangken wadu,
peputhut mong Pregiwa (19),
kang sumewa pasewakaning kalangun,
pangrantamaning pradangga (20),
sesendhonan genti-genti,

5.
Wicara tanpa karana (21),
bebasane janma nunggal sapanti (22),
ngayawara tanpa dunung,
sampang panggilap wreksa (23),
peprenesan linaras resmining kayun,
narmada lit ngalang marga (24),
tan liya amung ngrerepi.


Batangane :
1. Kesambi.
2. Kala.
3. Anggur.
4. Iket.
5. Karya . Sawah 1 karya = 4 bau.
6. Kajar.
7. Tlanjer.
8. Iwak dhuyung.
9. Kembang soka.
10. Purnama.
11. Kilang.
12. Ali-ali.
13. Mulang.
14. Claket.
15. Arjuna.
16. Winih.
17. Mulang.
18. Wadu.
19. Cantrik Janaloka.
20. Sendhon.
21. Ngayawara.
22. Dunung.
23. Prenis.
24. Kali.

Wangsalan Sinawung Ing Tembang

BAWA NGUSWARAGA

Sri Mahajawata katong, (1)
Andaka wulune rekta,(2)
Jroning nendra gung kaepi,
Boja reksa (3) kawi wuwus,(4)
Panggya andika kusuma,
Bale nata (5) rondon pari,(6)
Paran margane wak mami,
Kepiting kang sobeng rawa (7)
Nguswaraganta wong ayu.


Tembang ing dhuwur iku lumrahe kanggo mbawani Gendhing Perkutut Manggung. Wujude wangsalan. Batangane cangkriman ing dhuwur :

1. Bathara Endra = nendra.
2. Sapi = kaepi.
3. Pangan = panggya
4. Ngendika = andika
5. Pagelaran = paran
6. Dami = wak mami.
7. Yuyu = wong ayu.

Tegese tembung :

katong = ratu, raja, narendra,narpa, narapati, naradipa, naradipati,sri bupati, narpati, nareswara, naranata, aji, pamasa, pamase
andaka = banteng
rekta = abang
nendra = turu, ngimpi
kaepi = kepi-kepi, tansah katon-katonen
boja = pangan
wreksa = kayu.
wuwus = ucap, ujar
kusuma = kembang, sekar, padma, puspa, puspita
bale nata = pagelaran
rondon = godhong
paran = menyang endi
marga = dalan
wak mami = awak mami, aku
nguswa = ngaras
raganta = raga + anta = awakmu

AJINE KAWRUH SRAWUNGAN

Kita urip ing alam donya iki mbutuhake srawung karo liyan. Awit siji lan sijine kudu sesambungan: gethok tular, tulung tinulung, sambat-sinambat. Wiwit jaman kuna – makuna , uripe manungsa pancen wis padha sesrawungan lan gegrombolan. Kejaba ta ana wong kang arep urip ora kaya salumrahe, arep menjila, mertapa, utawa urip ijen ana ing tengahing alas, ora mikir sandhang pangan lan keperluwan , --- bisa uga wong kang kaya mangkono mau ora mbutuhake marang pasrawungan.
Nanging tumrape umum, kang urip ing bebrayan, kang mangku bale omah, kang sesambungan lan kulawarga, --- gelem ora gelem , kudu sesrawungan karo liyan. Wiwit nindakake pegaweyan kanggo kebutuhan dhewe ing sajroning omah ing sajabaning omah, nganti pegaweyan ing kantor , pasar, plabuhan, pabrik, tegal sawah, lsp. Kita mesthi mbutuhake srawungan lan tenagane liyan.
Malah-malah tumrape wong kang arep anggayuh kemajuwan ing laladan pegaweyane, bab sesrawungan iku kudu digatekake banget. Disinau kanthi temen-temen supaya mangerti marang wadi-wadi , nuli ditindakake kanthi becik, murih bisane karahayon saka enggone pinter sesrawungan , sokur bage bisa antuk kauntungan.
Manut panitipriksane Lembaga Carnegie, nyata yen asile gegayuhane wong ing laladan pegaweyane iku : 15% saka kawruhe vak, yaiku kawruhe kang ditindakake , dene kang 85% saka enggone pinter sesrawungan karo liyan, luwih-luwih karo wong kang gegayutan karo pegaweyane.
Samono pentinge kawruh bab sesrawungan utawa pergaulan. Nanging nalikane kita isih bocah isih sekolah biyen ora nate oleh wulangan kasebut. Mengkono uga ing kapustakan kita, para leluhur kita ora ninggali kitab wewarah ngelmu srawungan kang kena kita enggo tuntuna urip ing sajroning alam rame iki. Ing Wedhatama mung ana tinemu pepindhan, kepriye tunane (rugine) wong kang kidhung (kaku) ing bab sesrawungan kang amarga kurang sesurupane . sanadyan tuwa pisan , nanging yen ora ngerti marang ubeng ingering jaman, yekti sepi asepa lir sepah samun, samangsane pakumpulan, gonyak-ganyuk nglelingsemi. Mangkon kasebut ing Wedhatama.
Dadi wong kurang kawruhe, yen srawungan karo wong akeh, sikepe gonyak-ganyuk ngisin-isini. Utawa cara tembunge kang lumrah : lingak-linguk kaya kethek ditulup.
Mula saka iku , kawruh sesrawungan utawa pergaulan iku sajatine perlu banget kita udi. Awit yen kita kasil bisa nindakake kanthi becik, bisa narik perhatian lan sympatiene (sengseme) wong kang kita ajak srawungan, bakal bisa nekakake karahayon tumrap kita, lan iya bisa nekakake kauntungan lan kabegjan tumrap pegaweyan utawa perusahaan kita.

Dipethik saka : Ajur-ajer, Imam Supardi

Sabtu, 30 Januari 2016

TEGESE DINO

 DINO IKU ONO PITU
Dino iku ono 7 (pitu): Maksudte PITU ugo bisa kanggo PITUTUR, PITUDUH,
PITULUNGAN, PITUNGKAS, monggo sareng2 disimak nggih? 🏻
1. SENEN: tegese ojo boSEN marang uNEN² (unen² Wong Jowo seng kang bisa
kanggo tuntunan marang kauripan)
2. SELOSO: SElakno NGAMAL MARANG SOPO² (wong ngamal iku ora pilih², ora
pandang wonge sopo)
3. REBO: KEREPO SINAU BEN ORA BODHO (mumpung isih urip ditlateni anggone
luru ilmu, mergo ngaji iku penting, ojo sing penting ngaji)
4. KEMIS: LUWIH BECIK MINGKEM TINIMBANG LAMIS (ojo podho ngumbar
omongan kelawan wong liyo. Luwih² ngrasani tonggo)
5 JUMAT: JUMBUHNO LELAKON KARO KEKAREPAN / NIAT (yen nduwe niat/cita²
kudu usaha ikhtiar dungo supoyo kekarepanne biso kaleksanan)
6. SABTU: INSAP -PO MARANG BARANG SENG WES KEWETU (sak bejo bejane wong
ngedan, isih luwih bejo wong kang eling kelawan waspodho)
7. MINGGU: MINGGIRO BARANG SENG OLO, LAKONONO BARANG SENG RAHAYU (sing
apik ayo podho dilakoni)

SANEPAN PALENGGAHANE URIP NENG DONYO




“ TITIK WANCI “


Titik wanci menungso ono ing palenggahaning urip,
Urip kang sak becik’e urip,
Urip gemawang nang paran….parane “ AKARYO JAGAT “,
Jagat sak isine kudu ngerti pawohing pakarti,
Pakarti budi luhur soko kersa ning Allah ta’allah sing duweni singgahsana abadi.

“ MENUNGSO “

Mulo ugo menungso sing kasembadan…Ojo tho podho rumongso,
Rumongso kang kaninggaling kawulo,
Kawulo kuwi kudu ngerti sabdyoning alam,
Alam kang katatan , sak tenanne,
Sak tenanne menungso kuwi mung kawijangan rumongso,
Kabeh kuwi kudu ngerti sak tenanne marang Gusti kang akaryo jagat,
Kang duweni gede rumongso kuwi kawijangane Gusti Allah.

“ KANUGERAHAN “

Kanugerahan urip kuwi kudu ditoto lan diwejang.
Ojo ditonton , tapi diroso…diroso opo piwulange urip sak benere.
Sing koyok ngono kuwi jenengen manunggaling kapribaden kawulo urip neng donyo.
Mulo…tho mulo ojo paninggung tapi kudu wilantah , wilujeng ing pandongan.
Sing sak bener-benere pandongan kuwi kudu marekso neng ati lan roso karo Gusti Allah.

“ DONYO “

Kahanan urip neng donyo kuwi wejowantahing kawulo Gusti.
Kawulo Gusti kudu duweni doyo manunggaling roso sejatining roso urip.
Sejatining roso urip kuwi doyo kanugerahaning Gusti Allah kang akaryo jagat sak isine.
Kudu piye menungso neng donyo kuwi sing ngaluyur uripe…
Menungso ning donyo kuwi kudu malenggahing roso ning urip.
Kudu ngerti sabenere urip kuwi soko kersane Allah ta’allah…

Nuwon sewu nek enten lepatipun pangucap sing mboten enten pangelmu….mergo kulo ngerumangsani teseh ngaluyur urip.

Jumat, 15 Januari 2016

DADI WONG WADON SING NDUWE BOJO

KANGGO KANCAKU WADON SING WIS NDUWE GARWA OPO AREP NDUWE GARWA.... yen bisa tumindako koyo sing tak kandake ngisor iki...
1. Di usahakne dandan (macak) seng ayu pas karo bojone
2. Ketokno wajah seng sumeh lan semringah ono ing ngarepe bojone
3. Luwih merhatekne nang bojone ,supoyo bojone tansah kroso nyaman lan seneng utowo bungah
4. Tansah nrimo piro-piro ing peparinge bojo mbuh niku wujudte nopo kemawon , ojo nganti ngeluh lan nyepelek ne peparingane bojo
5. Boten usah katah-katah panyuwune dateng bojone, lek sekirane bojone dereng saget maringi (saget jumbuhne kekarepan kalian kemampuane bojone)
6. Ngindari umungan seng sekirane gawe loro atine bojo ,termasuk bantah ,nyentak lan liyo liane syukur-syukur iso boso karo bojone wah jan elok temen niku
7. Patuh lan taat maring printahe bojo selagi ora nglakoni maksiat / nyimpang saking printahe lan tuntunane agami
8. Dahar bareng /Ngancani pada waktu pass mangan ,supoyo bojone tansah iso ngrasak ake nikmate suasana tiang kalih,guyub rukun gemah ripah lohjinawi
9. Berusaha ngedohi kelakuan,tindak tanduk lan opo wae seng mboten di senengi bojone
10. Yen ora ono kepentingan utowo perlu ora usah metu-metu soko ngumah , mergo rotho-rotho bojo niku mboten remen
11. Nglipur bojo pas dalam keaadan sedih,susah
12. Lan seng paling UTOMO ojo ngasi nolak / alesan nopo kemawon pas di jak ''NGONOK AN'' (so wes ngerti dewe lah huhuy) selagi ora ono alangan kanggo nglakoni NGONOK AN
Niku wau sa'itik tip's kagem poro wanito ingkang sampun gadah garwo,trus terang mawon anggenipun nglampahi gih radi abot alias boten gampang,,,,TAPI lek panjenengan sedoyo saget nglampahi niku wau INSYA ALLAH niku termasuk dalane panjenengan mlebet wonten suwargo amiiin

WONG TUWA



Wong tuwo
Yuuk poro konco podho eiling dek zaman semono
Naliko sek di kudang karo wong tuo
Koyo ngopo gedhene pangurbanane
Tanpo pammrih Awit dadi kewajibane

Di kadang lan di kudang sak bendinane
Supoyo besok dadi wong kang ngerti kewajibane
Iso ngangkat derajate wong tuo karo

Sa'iki zamane zaman modern
Bondho dunyo gumelar agawe semseng
Mulane yuk co-konco kito seng Waspodho
PANGESTUNE WONG TUO PUSOKO KITO

Kasih sayange wong tuo nang anak iku di ibaratne sak kelopo , tapi lek kasih sayange anak nang wong tuo iku ibaratte mung sak upho

Sak gedhi-gedhine upho ora ngarah iso ngalahne gedhine kelopo senajan kelopo iku mau kecenthet

NGENTENI



tembung “Ojo NGENTENI” sing perlu dihindari:

- Ojo NGENTENI bungah disek banjur lagi iso mesem , Nanging mesemo ,supoyo mengko biso bungah

- Ojo NGENTENI Sugih banjur lagi shodakoh, Nanging shodakoh-o , mulo ben tambah sugih

- Ojo NGENTENI semangat banjur lagi tumindak, Tapi Tumindak o ,mengko bakal iso semangat

- Ojo NGENTENI di perdulekne wong banjur lagi iso merdulekne, nanging perdulia marang wong liya! mula siro bakal diperdulekne.

- Ojo NGENTENI wong mahami kito banjur kito lagi iso mahami marang wong iku, nanging pahammono wong iku ,mulo wong iku mengko bakal biso memahami marang kito

- Ojo NGENTENI di tresnani banjur lagi iso nresnani , nanging belajaro nresnani mulo siro bakal di tresnani

- Ojo NGENTENI sugeh duwet banjur iso urip tenang , nanging urippo kanti tenang , mulo yakinno dudu mung duwet seng bakal teko nanging biso rejeki liyo liyane

- Ojo NGENTENI contho banjur tumindak meloni, Nanging tumindak o, Mulo siro bakal dadi contho sing dimeloni

- Ojo NGENTENI ISO banjur tumindak, Nanging Tumindak o , Mulo Siro yakin bakal ISO

- Ojo NGENTENI Sukses Banjur bersyukur, Nanging Syukur-o , Mulo bakal nambah kasuksesanmu

Manungso iku ora biso nentokno bisane mung ikhtiar dungo karo nemokno

maknane tembang turi turi putih



DI TANDUR NENG KEBON AGUNG
(Gak ana maneh kejaba nang kuburan)
sawise pati manungsa bakal isih urip ing sajroning alam kubur (barzakh) nganti Dina Kabangkitan (Yawm al-Qiyāmah). Miturut sarengat Islam, yen tingkahe saben individu ing barzakh iku miturut patrap, solah tingkah utawa tumindake manungsa iku dhewe, banjur dadi sawijining gambaran ing alam baka.

CEMLERET TIBO NYEMPLUNG KEPUNDUNG KEMBANGE APA
(Mbuh kembange suargo , embuh kembange neraka tergantung amale dewe-dewe ana ing dunyane)

Zaman makmur akeh wong kang padha kufur
Senengane tumindak ngawur urip ngelantur angel di atur
Para sedulur kakung lan putri akehana anggane syukur

Zaman akhir akeh wong kafir
Seneng nuruti nafsu ing pikir ,mondar mandir ora gelem mikir
Para sedulur kakung lan putri ngekehna anggone dzikir

Wes wancine ayo tobat marang gusti
Mumpung durung teko pati kang wes mesti
Nyuwun maring gusti tobat sak tulusing ati
Wiwit cilik nganti sak iki, Mugi Gusti ngijabahi

ALLAHUMA AMIIIIINNNN.........

NGELMUNE SANDAL



NGELMUNE SANDAL...
Bentukipun mboten persis sami, nanging punika ingkang ndamel
piyambake sedaya serasi;

Naliko mlampah kekalihipun mboten nate kompak nopo malih mlampah
sesarengan, nanging tujuanipun sami;
kekalihipun mboten angsal lintu posisi, amargi mekaten
kedahipun piyambake sedaya, dipundamel konjuk sami mepaki (kanggo nglengkapi)
piyambake sedoyo langkung nyaman dipun ginakaken lebet kawontenan sejajar,
mboten angsal ingkang setunggal langkung andhap utawia langkung inggil;
menawi ingkang setunggal ical, mila ingkang benten sampun mboten nduwe artos. (sisian yo ora menak blas huhuy
Jebul Ilmu niku saget di pun pelajari ten pundhi-pundhi lan kahanan nopo kemawon...........

SYAIR KAGEM PAK POLISI




dino numpak motor kudu manut aturan
ojo mlaku kebut ojo awur-awuran
lampu abang mandek kuning persiapan
lampu ijo melaku ojo balap balapan

numpak motor kudu sopan lan serasi
ojo kakehan polah ojo keakehan aksi
ojo boncengan telu ojo pasang ngaksi
kudu kelingan kredit durung mbok lunasi

mumpak motor kuwi kudu eling lan waspodho
kudu nanggo helm surat-surat digowo
ojo nyepeleke ojo gawe howo
kadang-kadang wae pentil yo diprikso

siro dijegat polisi sebab tanpo helm
ojo malah mlayu mandek kanti kalem
siro rumongso kleru polisi dadi mesem
ojo mbayar duwit polisi ora gelem

ayo poro konco gawe bungah polisi
pancen abot tenan tugas bapak polisi
ngatur dalan aman isuk awan bengi
gaji paling sitik kerep dipisuhi