Rabu, 13 Januari 2016

ojo nyepelehke pacul... sebab pacul iku mengku werdi sing duwur banget, iki wejangan seko kanjeng sunan kalijaga marang ki ageng selo jaman mbinyen...
pacul iku di peran ono telu
1. pacul sing mapan ono ing lempegan wesi sing landep, dene werdine pacul yoiku ngipatake barang kang muncul. tegese.. ngrataake lemah sing mendunkul utawa sing ora rata.. dadi menungso kudu bisa nyingkirake sifat sifat sing olo lan kudu bisa ngrataake sifat kang becik marang sapada padaning tumitah
2. bawak artine obahing awak... manungso kudu bisa mbudidaya amrih bisa kasembadaning sedyo kanthi obahing sarira. lan ngupadi rejeki peparingan Gusti ojo kendat rino klawan wengi..
3 doran artine ndonga marang Pangeran utawa ojo adoh soko Pangeran... tangsah ndedonga marang Gusti ALLAH supaya di paringi rejeki kang akeh kanthi obanhing awak lan mranata watak...
.Panjenengane Bung Karno wae ndukung marang olah kridaning petani kanggo nyukupi pangan negara.... dadi petani iku luwih mulyo katimbang dadi pejabat yo luuur.. ora ono petani korupsi anane mung petani sing sabar lan narimo. coba yen pejabat, bayar akeh wae iseh kurang, mengkal kono mengkal kene, janji arep mbantu rakyat bareng dadi mung dho sak enake udele dewe...
duuuh Gusti... mugio paring aksama lan kesadaran marang pemimpin ing jaman sarwo bubrah....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar