Selasa, 12 Januari 2016


sak bisa bisaku gur aweh pitutur koyo ngene, mbok menawa bisa tinampa marang kabeh sedulurku ing facebook....

Gedene tresna simbok karo kowe, marai bingung opo karepe tresnane. Sing ngandani mbok kiro nyengeni, sing nglarang mbok kiro podo wae nyengeni, sing weling ijeh mbok kiro nyengeni, malah bok kiro cerewete luwihi tinimbang bakul brambang towo…..

Mung simbok sing sejatine wes gawe reti yen kowe iki ditresnani, sing paling biso ngarani kowe iki paling bagus bagus dewe ora liyone, senajan to umbelmu modot molor kewer2…………

Nanging tanpo bok sadari, esemane simbokmu kuwi kemepyar sing dadi panggonanmu ngudari sambat senajan to kuwi mung jero ati….tanpo simbok, kowe iki ora ono opo2ne…



Tidak ada komentar:

Posting Komentar