Rabu, 13 Januari 2016



jeng.......ukara iki saka ati lan dudu slangkrah…

mbiyen aku nate kanda, sliramu bakal dak critani ing satengahe latar wayah padang bulan. carita sing saben dinane ditemoni ing kahanan urip, nanging luput saka pandelenge awake dewe.
sajroning urip manungsa iku akeh carita sing matumpuk-tumpuk. saka jamane Adam lan Siti Hawa nganti tekan suk nek wis ubenge jagad mandeg lan pitik jago wis ra pada kluruk maneh. njungkir njempalik sungsang malange kahanan urip manungsa wis ora kena diowahi maneh.
urip wis ora saderma mampir ngombe maneh. urip dadi dalan dawa. dadi gilingan sing mubeng minger ora karu-karuan, nanging sliramu aja gigrik lan nggresula anggone nglakoni. pancen kudu obah. dilakoni nganggo kringet lan pikiran wening. dilakoni kanthi waras lan trengginas!
hmmm…ing sadawane dalan lan mubeng mingere gilingan iku bakal nglairake ukara. wong ayu… ukara iki dak ukir masasi-sasi ana sajroning ati lan kabukak ana satengahing wengi banjur ajur dadi bubur bubar wutah nang tengah latar. Nanging, kanthi setya lan tresna dak ronce alon-alon dadi LELAKON.

ndak jaluk sliramu aja grusa-grusu anggone maca ukaraku, sak banjure sakarepmu anggonmu nampa, merga ukara kuwi wis dadi duwekmu. wacanen nganti kecandak lelakonmu jeng....






Tidak ada komentar:

Posting Komentar