Jumat, 15 Januari 2016

GEGURITAN KAGEM SIMBAH


Simbah…….
Rikolo sampeyan sugeng
Panjenengan tansah menehi pitedah
Sembur uwur lan pitutur
Dumateng poro anak putu
Kanggo sangu ing gesang



Simbah………
Tambah dino tambah umur
Rogo samsoyo dadi garing
Nanging urip tetep tentrem
Tansah demen ing sawah paladangan
Dadi sumbering panguripan

Simbah……
Sanadyan urip ing padesan
ora kegoh gebyaring jaman
Urip prasojo ing padinan
ora kendhat sukur marang Kang Kuoso




Simbah……..
Panjenengan sampun kasidan jati
Wasiat panjenengan tansah kula pundi
Kanggo anglampahi gesang niki
Supados dumugi marang Gusti



Simbah…….
Putumu iki ora bisa menehi piwales
Namung bisa amenehi donga lan puji
Ujud bekti marang sliramu.
Mugo iso dadi lantaran
Pikantuk papan panggenan
Luwih mulya lan mukti
Tinimbang ing alam donya
Kang ingaran alam kasuwargan
Dadia umat kinasih ing Gusti
Allamuha Amiiiin.....



MATUR NUWUN SIMBAH......




Tidak ada komentar:

Posting Komentar