Rabu, 13 Januari 2016

mbaaaahh............... sing sabar...
urip iki amung mampir ngombe..
sing iklas lan narimo...
senadyan negara wis mosak masik..
mergo akeh bajingan sing ora mikir
marang panguripane awakke dewe...
ndedonga wae mbah, pasrah marang Gusti...
kaya kang sinebut ing sekar dandanggula telun pada iki...
.
jroning nampa pepesthen puniki
wajibira mung nuhoni dharma
apan wus dadi kodrate
lelaku jro lumaku
titi tata tatag ing batin
nggayuh yuning bebrayan
lahir trusing kalbu
mula lumaku makarya
antepira sepi pamrih lahir bathin
makarya tan akarya

sakehing kan dumadi makardi
lir Hyang Widhi kan tansah makarya
nguribi jagad tan leren
surya, candra lan bayu
bumi tirta kalawan agni
paparing panguripan
mring pamrih wus mungkur
anane nuhoni dharma
iku dadya sastra cetha tanpa tulis
nulat lakuning alam

memanising manungsa sejati,
sesantine mring laku utama,
lukita mesu budine,
meruhi hawa lan napsu,
mrih sampurna lair lan batin,
kanti atapa brata,
gegulang mrih hayu,
hayuningrat sak isinya,
rumantine rinakit budi pakarti,
tata gatining jalma

1 komentar:

  1. memanising manungsa sejati,
    sesantine mring laku utama,
    lukita mesu budine,
    meruhi hawa lan napsu,
    mrih sampurna lair lan batin,
    kanti atapa brata,
    gegulang mrih hayu,
    hayuningrat sak isinya,
    rumantine rinakit budi pakarti,
    tata gatining jalma

    >>kalau tak salah Dhandhanggula ini ada di buku serial Nagasasra Sabuk Inten karya SH Mintarja.
    Salam, Dan H

    BalasHapus