wong ayu, simbah putri tak ngendiko kang saka ati lan dudu slangkrah…
awakmu bakal dak critani ing satengahe latar wayah padang bulan. cerita sing saben dinane ditemoni ing kahanan urip, nanging luput saka pandelenge awake dewe.
sajroning urip manungsa iku akeh carita sing matumpuk-tumpuk. saka jamane Adam lan Siti Hawa nganti tekan suk nek wis ubenge jagad mandeg lan pitik jago wis ra pada kluruk maneh. njungkir njempalik sungsang malange kahanan urip manungsa wis ora kena diowahi maneh. Gusti wis ora kuwawa! Gusti wis nguja manungsa obah sakarepe udele dewe!
urip wis ora saderma mampir ngombe maneh. urip dadi dalan dawa. dadi gilingan sing mubeng minger ora karu-karuan. nanging awakmu aja gigrik lan nggresula anggone nglakoni. pancen kudu obah. dilakoni nganggo kringet lan pikiran wening. dilakoni Kanthi Waras lan Trengginas
heemm… ing sadawane dalan lan mubeng mingere gilingan iku bakal nglairake ukara. wong Ayu…ukara iku dak ukir masasi-sasi ana sajroning ati lan kabukak ana satengahing wengi banjur ajur dadi bubur bubar wutah nang tengah latar. nanging, kanthi setya lan tresna dak ronce alon-alon dadi LELAKON.
ndak jaluk awakmu aja grusa-grusu anggone maca ukaraku, sak banjure sakarepmu anggonmu nampa, merga ukara kuwi wis dadi duwekmu. wacanen nganti kecandak LeLaKon-mu nduk
Tidak ada komentar:
Posting Komentar