Rabu, 13 Januari 2016

ASSALAMU'ALAIKUM..........
keparengo kawulo matur, wonten ing kasempatan puniko kawulo badhe ngedal-aken rasa sakjeroning rasa. mugi mugi ndadosaken ati sumpek padha misreb, pikiran petheng dadi padang, jiwa lara padha tangia , waras jiwa lan raga, Allahumma amin !
dadi wong urip kudu biso, noto jiwo lan rogo, kudu biso eling lan waspodo sinten kemawon tiyang engkang saget nglampai 5 perkoro iki mongko bakal pinaringan ati tentrem, pikiran padang , urip mulyo lan bahagia awal dumugi akhiripun , sukses lahir batinipun, slamet dan bahagia dunyo akhirat-ipun.
1. kudu eling marang sangkan paraning dumadi/asal usule
2. kudu eling marang gusti Allah , Gusti engkang Moho Kuoso kang sampun dadosaken manungso lan jagat royo kanggo kepentingane manungso , puniko engkang di pun sebut hablum minallaah. nindakaken nopo ekang sampun di pun dawuhaken dan nyegah laranganipun Gusti Allah. namung ing ndalem sak jerone kito nglampai punopo ingkang dipun sebut hablum minallaah, kito kudu eling kaliyan hablum minannas yoiku kwajiban eling marang sa p0dho – podho. milo sangking puniko kito sedoyo kudu eling marang wong tuwo loro, kudu eling marang anak bojone, kudu eling marang tonggo teparone , kudu eling marang rakyate, lan sak panunggalane.
kawontenan sak puniko kathah tiyang engkang sampun tindak haji bola bali nanging mboten peduli tonggo teparone khatah engkang sami ngelih mboten mangan . kathah pejabat engkang remen korupsi padahal khatah masyarakat miskin serba kekurangan mergo mboten gadhah pedamelan , akhire sami ngungsi mbabu wonten luar negeri. katah tiyang engkang lali marang wong tuwone , lali marang anak bojone , lan sakpiturute. puniko engkang dipun sebut eling lan waspodo yoiku eling lan ngerti jati diri-ne .
3. kudu metu..
tegese… kudu metu golek ilmu lan ngamalake ilmune, ketrampilane utowo keahlihan punopo wawon
kudu metu tenagane yoiku gelem nyambut gawe nopo mawon, hasil akeh sithike tergantung pripun nyambut gawene utowo usaha kito
kudu metu ragate / jer basuki mowo beya artosipun kesuksesan kedah mawi pangorbanan.
kudu metu almale arupi sodakoh, amal jariyah , zakat lan amal sanesipun . artosipun purun mensyukuri punopo engkang sampun dipun anugeraken Gusti Allah dateng kito, dadi niki engkan dipun sebut eling lan waspodo yoiku eling lan ngerti kekurangan lan kelebihan awak,e dewe .
4. kudu eling wayah
tambah dino tambah mongso…..elingo urip iku mung mampir ngombe, artine wektu kang kapungkur ora bakal biso bali, menungso ora bakal biso nglungsungi. mulane dadi wong urip kudu eling lan waspodo, yen wis titi wancine, wis jatahe rampung uripe nang ndunyo,gelem ora gelem, siap ora siap yen kontrak,e rampung nang ndunyo kudu bali nang asale. saktemene akeh wong kang lali wayah saben dino tembunge saben dino senenge ngulur ngulur wektu, yen wis kedaden banyur ribut lan keduwung buri tembunge monggo samiyo eling wayah dipun pilih punopo engkang langkung penting lan kudu di tenthok-ake tujuan urip kito. wayahe sekolah yo kudu sekolah, wayahe nyambut gawe kudu nyambut gawe, wayahe sholat kudu sholat, wayahe mangan kudu mangan , wis wayahe ngamal yo kudu ngamal, lan sak panunggalane.
4. kudu bedho karo kancane
embung kudu bedho karo kancane dudu koyo unen2 kudu edan yen ora edan ora keduman. ing dalem urip kang mardiko ora bebas sak karepe wudele dewe artine ngono yo ngono ning ojo ngono wong sing bejo iku wong kang tansah eling lan waspodo. ing indonesia khususe wong jowo senengane anut-anutan melu grubyuk ora ngerti rembuk. kito kudu ngerti tumindak sing ora migunani, ora manfaat , kang gawe rugi awake dewe lan gawe rugi wong liyan . kudu biso mbeda’ake tumindak opo wae sing migunani, manfaati, lan nguntungake kanggone urip tembe burine. anut kebiasaan konco2 kang negatif jelas ora ono faedahe justru malah gawe ciloko uripe dewe. monggo samiyo nduweni nilah tambah kang positif, contone kancane ora iso, piye carane kito kudu biso, sampun nganthos kito malah kakehan alasan, kakehan sambat. wong sing sekolahe duwur lan wis dadi sarjana wae angel ora biso golek kerjo opo maneh aku sing mung lulusan SMP. iku kang di arani putus asa saking rahmate Gusti Allah . mulo kito kudu duwe niat engkan kuat kudu biso bedho karo kancane. kancane senengane ngedebus ndongengake tanggane, kito kudu malah seneng donga,ake tanggane . kancane senengane ngluyur ora eling wayah, kito kudu biso ngatur wektu kanggo tumindak nopo wae kang bermanfaat , lan sak piturute. intine kito kudu luwih kreatif lan duwe nilai tambah kang positif.
5. kudu eling lan waspada marang owah owahe jaman
jaman biyen sing jenenge es teh regone isih 100 ripis , saiki wis regane wis 3.000 ripis. tambah dino tambah mongso kito kudu eling lan waspodo marang owah owahe jaman kang terus berubah awit jaman kolo mbrangkang, kolo joko, kolo dudo, kolo tuwo, kolo joyo, kolo njengking, kolo mlumah, kolo sugih, kolo kere .lan sakpiturute. menawi kito mboten eling lan waspodo marang fitnahe lan mubenge jaman, kito bakal rekoso lan ciloko uripe. wis suwidak enem indonesia merdiko, peta politik terus berubah, tampuk kepemimpinan terus berganti nanging isih koyo unen2 bumi gonjang-ganjing, langit kelap-kelap saben dino ceritane mung gawe goro-goro. mulo monggo samiyo eling lan waspodo kanthi dipun tambahi iman lan taqwa-nipun ,dipun tambahi ilmunipun , dipun selarasaken sikap mental lan pola pikir-ipun lan dipun selarasaken jiwo lan rogo-nipun

CEKAP SEMANTEN NJIH ATUR KULO, JENANG SELO WADER KALEN SESONDERAN, APURANTO YEN WONTEN LEPAT KAWULO..
WASSALAMU'ALAIKUM.....


Tidak ada komentar:

Posting Komentar