Rabu, 13 Januari 2016

dadi kelingan ngendikane simbok nalika semono......

ngger anakku lanang.. rikala kowe isih timur, kow dak gendhong slendhang, nyambi nyenyuwun supaya ing tembe kowe sumurupa padhang. muga dalan rejekimu diparingi jembar, kamuktèn lan kamulyan tansah sinandhing ing uripmu.
ngger anakku lanang sing bagus tanpa jejamang.. kowe
pamit lunga menyang kutha golek kamulyaning urip. tak pangestoni ngger. aku ora bisa nyangoni bandha, mung bisa nyangoni donga. urip ning paran, kowe kudu sing bisa golek kanca, awit bakale kancamu kui dadi sedulur. bot repote urip ing paran kui gumantung saka anggonmu sesrawungan.
dadi wong jawa; urip iki kudu duwe tekad, tego lan tegel.

sing jeneng tekad kui kowe kudu duwe semangat nggayuh kamukten. apa sing arep mbok lakoni kudu ditata lan dilakoni kathi tenanan. disranani donga lan laku pikiran sing bening, yen kepingin gegayuhanmu bisa kasembadan.
tego. opo wae sing dadi pacobaning urip sak suwene kowe nglakoni lelaku kang tumuju ing gegayuhan kui, kowe kudu tego ngrasakke.. kepiye lakune, kaya ngapa larane, pait lan getire kowe kudu bisa ngecap kui dadi nikmat.
tegel. kowe kudu wani marang samubarang lan sapa wae sing dadi pepalange tujuanmu.. sebab ukurane kasembadan lan durunge gegayuhan kui yo mung awakmu dhewe sing bisa naker.. yèn ana sing gawe becik marang kowe, sanadyan kowé ora seneng karo wong kui, atimu kudu tegel nganggep dadi sedulur, kosok baline, yen sedulur apa kancamu wis wani sengaja nglarani lan dadi pepalangmu, kowe kudu tegel ninggalake rasa wigah wigih. nanging kowe uga kudu tegel nyindhet atimu, supaya kowe ora gawe tatu larane kancamu utawa sedulurmu sing wis gawe riwet lakumu.. kowe kudu tegel karo atimu, ora males ala marang sing wis gawe ala.. eling ngger, piwales kui wewenange sing Kuasa.. lemah lemah teles, ala utawa becik Gusti Allah sing mbales..
Sura Dira Jayaningrat, Lebur Dening Pangastuti. samubarang sifat angkara culika lan angkuh, bakal lebur dening sifat lembah manah lan sugih pangapura..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar