Jumat, 15 Januari 2016

JAMAN GORO GORO



GORO-GORO...!!!!!Opo to pratandane goro-goro .......??? 
Goro-goro zaman edan seng ora edan ora keduman mulo yen kabeh wong podho edan dunyane malih ora karu-karuan , bejo bejane wong seng nang dunyo duweni iman ,islam seng digawe gegondhelan, Goro....go....ro...!!!!!!
Akeh wong kang seng ngramal dino kiamat , akeh wong seng podho tumindak jahat ,seng bejat munggah pangkat , akeh penghianat, Akeh manungso angel yen dikon nglakoni wajibe malah di gedhekno nglakoni maksiate 
Akeh lelakon seng sarwo sasar susur, seng takabur makmur ,seng jujur malah ajur kumur-kumur, akeh manungso wes podho kepingin manggon nang duwur, yen wes nang duwur angel di atur malah podho ora gelem syukur, Go..ro....goro...!!! 
Akeh lelakon seng sarwo ganjil seng utomo malah kemencil , poro pemimpin wes ora biso tumindak adil tansah jahil methithil ora bedo koyo buto cakil kang tansah grathil cethil bakhil tur bethithil , 

GORO-GORO...!!!!!

Nemen_ning goro-goro......
Akeh menungso podho lali maring pengeran, lali karo kewajiban , lali karo sembahyang, lali karo ibadahe ,lali karo agamane ,lali karo wong tuane , lali karok sanak kadange, wong liyo di anggep dulur ,dulur di anggep wong liyo ,Goro....go....ro...!!!!!!
Akeh manungso wes lali karo matine seneng karo gebyare dunyo lali alam kubure ,seneng karo bandane lali karo zakate ,contone seng podho ngaji nang kene kiye (tapi wonge pas gak moco iki) wehehe
Seneng karo seng di titahke lali karo seng di titahke, wong lanang wes podho macak wadon , wong wadon macak lanang, kali ilang kedunge wong lanang ilang kaprawirane wong wadon ilang kawirangane , Go..ro....goro...!!! 

GORO-GORO...!!!!!GEger_ring goro-goro .......??? 
Rikolo semono udan salah mongso manen-ne akeh, akeh prawan podho dadi rondho ,akeh rondho seng nglaerna anak tanpo bopo , Goro....go....ro...!!!!!!
wong golek pangan koyo gadah di interi, seng edan iso dandan-dandan , seng bengkong podho iso gawe umah gedhong , durjono soyo dodro , begal soyo dugal , maling mripate melang meleng ,delalah copet umure malah aweet , mulo yen kepingin umure awet dadio.........? 
Ono umah suci mung di gawe digar, ono masjid mung di angget-angget , gelem budal mangkate keri dewek ,mulihe disek dhewek , ono sandal apik bablas di pek ,, nang mesjid niatte elek , bareng kunangan di brendholne peyok koyo rempeyek Go..ro....goro...!!! 
Rikolo semono seng di jogo nyolong seng jogo , seng bodho di giro-giro ,seng pinter di incer-incer,seng mlarat di cutat-cutat,seng fakir di usir-usir,seng miskin di isin-isin, seng kere di ece-ece ,seng sugih anane mung pamrih,seng gedhe mung mikirke wadhuk e dhewe,seng korupsi cengengas-cengenges nang TV tumpak ane merci
Seng bagus patrappe rabedo koyo wedus , seng ayu senenge malem minggu mlaku-mlaku nang ngisor waru karo pamer pupu , delalah payu seket ewu ngerti-ngerti tekan umah wetenge lemu
TUTUPING GORO-GORO.....!!!!Bakal teko wolak walik ing zaman seng becik ketitik, seng olo bakale ketoro , sopo lelaku apik mesti bakal mulyo ,sopo lelaku olo mesti bakal ciloko.....GORO-GORO.....!!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar