Kamis, 14 Januari 2016

PANGUDARASANE SIMBOK MARANG ANAK


Sing gelem gendong suwene 9 sasi 9 dino tanpo sambat loro, tanpo di selehno yo mung simbokmu…Sing wani ngapusi kroso wareg senajan wetenge ngelih supoyo biso nyawang anake bungah ngenteke lawuhe, yo mung simbokmu…Sing sregep nyebut jenengmu saben donga tanpo leren yen bakal mbesuk biso dadi uwong, yo mung simbokmu….Sing ora perduli dadi tuo elek yo ben mung pengen nyekseni bakal uripmu mulyo, yo mung simbokmu…
Sing wani ngeloke awakmu yen kleru senajan ijeh urung biso bok tompo nganti bok tukari truss ora bok padoni, yo mung simbokmu…
Simbokmu wong tuomu, senajan gede klerune wong tuomu, ora ono sing jenenge mantan wong tuo…
.
foto asli almarhumah mbah putriku....



Tumitise tresna kang sejatiEmbuh opo sing dadi kekarepane simbah putri, opo yo kurang2e mbah kakung golek rejeki? direwangi mangkat isuk mulih sore. Boyok sing dirasakne, pungkasane sare sak rampunge…Ndilalah nek omah simbah mung gawe tempe, dadi simbah melu upayake nambah rejeki, soko tempe sing di dol neng tonggo teparo. , sing penting hallal……Mulyane anakku wektu iku, naliko iseh dadi bocah…. mung klesat kleset wae, weteng ngelih kudu ono sego… lawuh ora enak sitik trimo muring2 kudu ono… embuh piye usahane simbah putri, kok yo ngerti2 ono keturutan….
Embuh doyo soko endi, simbah saben anakku muring2 isone ngayem-yemke opo sing ora trimo….. mbah kakung kadang kelewat sabare, muntab muring koyo betoro kolo kaliren nguntal sandal…..nanging bola bali simbah nentremke, sak naliko kuwi rumongso menang…. rumongso dadi wong kinasih….
sinambi nyawang tampah sing di gunake simbah makaryo, anakku tak jawil soko mburi “le…. wes dililake simbah sing ngadep sing moho kuoso…..”
Ora kroso netes eluh ning pipiku soyo deres koyo talang bocor….. banjur anakku ngranggeh njaluk buku kanggo nulis memori simbah sak kloron, mugo-mugo doyo katresnane simbah biso tumitis
….
Embuh doyo soko endi, simbah saben anakku muring2 isone ngayem-yemke opo sing ora trimo….. mbah kakung kadang kelewat sabare, muntab muring koyo betoro kolo kaliren nguntal sandal…..nanging bola bali simbah nentremke, sak naliko kuwi rumongso menang…. rumongso dadi wong kinasih….sinambi nyawang tampah sing di gunake simbah makaryo, anakku tak jawil soko mburi “le…. wes dililake simbah sing ngadep sing moho kuoso…..”Ora kroso netes eluh ning pipiku soyo deres koyo talang bocor….. banjur anakku ngranggeh njaluk buku kanggo nulis memori simbah sak kloron, mugo-mugo doyo katresnane simbah biso tumitis….

Tidak ada komentar:

Posting Komentar