Selasa, 12 Januari 2016

Kok kebangeten timen ya awake dhewe iki. Wis kakehan pejabat sing kedanan bandha nganti dilabuhi wirang, korupsi kana-kene tanpa petungan. Wis kakehan politikus sing kedanan pangkat nganti dilabuhi tetawa saben dina lumantar iklan sing wragade ora etungan. Wis turah-turah sarjana sing pijer mburu aleman, jer ngethuprus ing sadhengah papan, nanging sungkan yen tumandang. Wis akeh banget wong sing pindhah profesi dadi bakul, apa-apa dadi dagangan, apa-apa diregani dhuwit, apa-apa diobral. Apa awake dhewe sing wiwit lair ceprot wis gubel lendhut ing sawah, srawung raket karo lemah, saiki wis ora sudi maneh nulad ambege Ibu Pretiwi sing tansah andhap-asor lembah manah....

Bokmenawa pancen wis kesuwen anggone padha ngampet. Nanging apa pancen saiki wis tekan wancine kanggo ngumbar karep. Apa dumeh para pendhuwur duwe pokal sakarepe dhewe, banjur awake dhewe kudu melu-melu manut udele dhewe-dhewe. Arep dadi apa iki...
Yakin, satemene isih akeh cara kanggo mbecikake kahanan. Isih akeh cara kanggo ngelingake sing padha nyimpang dalan. Isih akeh kanca sing bisa dijak tembayatan. Isih akeh sedulur sing bisa disambati lan gelem aweh pitulungan.
Yakin, bakal luwih adhem kahanane yen saya akeh sing saguh rembugan aris. Bakal luwih padhang prekarane yen diudhari srana muluring nalar. Bakal luwih gelis rampunge yen dikantheni meneb-weninge ati...........

Tidak ada komentar:

Posting Komentar