Jumat, 15 Januari 2016

SADUMUK BATUK SANYARI BUMI



Jamane iki jamane kolo senggi.den koyo gabah diinteri.akeh menungso podo lali.ngabekti ngibadah mring gusti illahi rabbi.akeh wong wadon podo metu bengi.jarene neng omah sepi.hambuh opo sing digoleki.....gawe ewohoyo ing pambudi....
Sedumuk bathuk senyari bumi dadi ontran ontran jagad iki...
Sedumuk bathuk sabab utomo wong lanang laku culiko.sikat tengen sikat kiwo.tansah ngumbar angkoro murko.wanito kudu wani ditoto.sae ne wanito sae ne nagoro.elingo jaman ramayana.nalika sinto dadi rebutan rahwono.goro goro bathuk remuk sak jroning projo..
Senyari bumi.emas picis rojo brono.isineng dunyo amunghangkoro murko,hanguyak hanumpuk hanguber bondo.elingo naliko baratoyudo.saat kurawo musuh pandowo.amung goro goro senyari bumi ing ngastino..
Wong jujur kujur,wong lugu kepalu.wong lali bakale keli.wong ngaku alim sejatine pulasan.
Jagad anyar bakal ginelar.jamane jaman kasucian.jamane pengadilane gusti.mulo sedulur ayo tansah sabar nrimo nelongso henang hening eling awas.tumindak jujur eling mring sapodo podo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar